Arturo Escobar

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Arturo Escobar ya iku ahli antropologi saka Manizals, Kolombia, kalairan taun 1951[2][3]. Arturo iki naté kuliah ing pawiyatan luhur Universidad del Valle, Kolombia taun 1975. Sabanjuré ana ing Cornell University, Ithaca, New York (1978), lan University of California, Berkeley (Ph.D.) taun 1987[2][4]. Panlitian antropologis kang naté dilakoni déning Arturo ya iku ing Bogota lan Cali, Kolombia (taun 1983, 1990) lan ing panté Pasifik Kolombia (taun 1993, 1996, 1997, 1999, 2000). Dhéwéké uga nulis karya-karya élmiah ya iku antarané The Making of Social Movements in Latin America: Identity, Strategy, and Democracy, minangka èditor (1992), Encountering Development: The Making and Unmaking of the Third World (1995), Cultures of Politics/Politics of Cultures: Revisioning Latin American Social Movements, minangka éditor (1998), lan El final del salvaje. Naturaleza, cultural política en la antropología contemporánea (1999)[2]. Awité Arturo iki duwé dhasar ngèlmu téknik sadurungé ngalih marang Amérikah Sarékat[2]. Akhiré dhèwèké karenan ing antropologi lan kritik téori sosial[2][3]. Panlitiané fokus ing wewengkon Kolombia. Dhèwèké kawentar amarga téori dèkonstruksi pakembangané kang radikal ing bab pakembangan antropologi nalika iku[3].

Sunyata Rikat Lair, Bangsa ...
Remove ads

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads