Basa Pèrsi
basa From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Basa Parsi (jeneng lokal: Farsi, Tajiki utawa Dari), iku basa golongan Indo-Éropa saka kulawarga basané. Dituturaké ing Iran, Tajikistan, Afganistan lan Uzbekistan. Gunggung penutur total watara 75 yuta. Déné ing Iran, penutur asli basa iki watara 60% sing ndunungi.
Remove ads
Sajarah
Basa Parsi kagolong anak cabang basa basa Indo-Arya. Para nimpuna basa lan sajarawan yakin yèn perkembangan basa Parsi diliwati kanthi tahapan:
- Pèrsi Kuna
- Pèrsi Tengah
- Pèrsi Modhèrn.
Basa iki kagolong basa tuwa dhéwé, sing dikira-kira umuré luwih tuwa tinimbang Basa Sangskreta. Basa iki terus tuwuh, lan sawisé Islam lumebu tanah Parsi (Pèrsi), kurang luwih 40 persèn kosakata basa Parsi wis kapengaruhan déning kosakata basa Arab. Saliyané iku unsur-unsur basa Yunani, basa Aram, basa Inggris lan basa Prancis sarta sethithik Turki, uga lumebu sajeroning basa iki.
Remove ads
Cabang-cabang basa Pèrsi
Basa Parsi sabeneré dumadi saka manéka rupa basa lan varian, sing kasebar saka Iran nganti ujung Khumzari ing Oman. Dhialèk lan varian iku antarané:
- Basa Dari sing dituturaké ing Afganistan, kalebu Hazaragi.
- Tajik dituturaké ing Tajikistan, nanging migunakaké Aksara Sirilik
Déné ing wewengkon Iran dhéwé antarané:
- Gilaki
- Talashi
- Luri
- Tat
- Pèrsi Yahudi
Sistem panulisan
Sadurungé lumebu Islam, masarakat Pèrsi migunakaké rong vèrsi aksara ing mangsa Pahlavi, yaiku aksara sing dimodhifikasi saka Basa Aram, lan vèrsi sijiné yaiku aksara asli saenggon sing karan 'Dindapirak' utawa sajeroning basa Pèrsi Modhèrn karan 'Din dabireh' (aksara suci).
Basa Parsi modhèren migunakaké aksara Arab kanthi tambahan 4 aksara kanggo nulisak’e 'zh', 'ch', 'p', lan 'g'.
Deleng uga
![]() |
Èdhisi Persian saka Wikipédia, bauwarna bébas |
- Basa Avesta
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads