Basra
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Basra utawi Basrah (ﺍﻟﺒﺼﺮﺓ al-Baṣra) inggih punika kitha paling ageng nomer kalih wonten ing Irak, dunungipun watawis 545 km saking kitha Baghdad. Padunungipun wonten 2.016.217 jiwa (per 1 Januari 2005). Basra gadhah pelabuhan utama wonten Irak saha inggih punika kutha krajan Governorat Basra. Wonten sedhawanipun lèpèn Shatt al-Arab celak Lempongan Pèrsi, Basra gadhah indhustri pengilangan lisah saha tetanèn. Basra gadhah peranan wigatos wonten sajarah alit agama Islam. Wiwitanipun, Basra dipundadosaken markas bala umat Islam wonten ing mangsa Khalifah Umar bin Khattab. Nanging wonten perkembangan sasampunipun, kitha punika dados pusat ngèlmu kawruh, kabudayan, saha perdagangan ingkang ramé. Basra ugi dados papan nyampuraken kabudayan Pèrsi saha Arab. Samangke mayoritas padunungipun inggih punika wargi Singah nanging wonten ugi sing ndunungi wargi Sunni saha Kristen kanthi gunggung ingkang langkung alit. Dipunadegaken wonten ing taun 636, Basra ugi diparapi dados" Venezia Wétan Tengah " amargi wonten sapérangan terusan ingkang nglangkungi kitha punika.Wonten satunggaling papan anggegana internasional, Papan Anggegana Internasional Basra, nglayani pamaburan saking kitha punika.
Remove ads
Kitha kembar
- Venesia,
Italia
- Jamestown,
Amérika Sarékat
- Baku,
Azerbaijan
- Dubai,
Uni Emirat Arab
- Ulsan,
Koréa Kidul
- Houston,
Amérika Sarékat
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads