Boraks

Senyawa Kimia From Wikipedia, the free encyclopedia

Boraks
Remove ads

Boraks (IPA: /bləŋ/) ya iku campuran garam mineral konsèntrasi dhuwur kang dianggo nalika nggawé panganan tradhisional. Kaya ta karak lan gendar.[2] Boraks uga diarani natrium biborat, natrium piroborat, natrium tetraborat.[2]

Sunyata Rikat Borax, Identifikasi ...
Thumb
struktur kimia boraks

Bleng ya iku wangun kang ora murni saka boraks, nanging asem borat murni kang digawé indhustri farmasi luwih iki kang diarani boraks.[2] Ing indhustri, boraks dadi bahan soldèr, bahan kanggo ngresiki, bahan kanggo ngawètaké kayu, antisèptik kayu, lan kanggo matèni coro.[2] Ing wanguné kang ora murni, boraks wis digawé wiwit taun 1700 ing Indonésia.[2] Boraks jinis iki wanguné awujud banyu bleng.[2] Bleng lumrahé diasilaké saka ladhang uyah utawa kawah endhut (kaya ta ing Bledug Kuwu, Jawa Tengah).[2]

Remove ads

Legalitas

Pamaréntah wis nglarang boraks minangka bahan panganan wiwit Juli 1979.[2] Kajaba iku larangan iki uga dimantepaké nganggo SK Mantri Keséhatan RI No 733/Menkes/Per/IX/1988.[2]

YLKI liwat Warta Konsumen (1991) nglapuraké, kurang luwih 86,49 persèn conto mi teles kang dijupuk saka Yogyakarta, Semarang, lan Surabaya ngandhut asem borat (boraks).[2] Kajaba iku 76,9 persèn mi teles ngandhut boraks lan formalin.[2] YLKI uga nglapuraké anané boraks ing jajanan kang didol ing Jakarta Kidul.[2]

Remove ads

Mbebayani

Boraks ora aman yèn dipangan dadi campuran panganan, nanging boraks wis akèh digunakaké dadi bahan kanggo campuran panganan ing Indonésia.[3] Mangan panganan kang ngandhut boraks pancèn ora duwé akibat langsung kang èlèk kanggo kaséhatan, nanging boraks bakal numpuk sithik mbaka sithik awit disesep awak kanthi cara kumulatif.[3] Akibaté yèn kerep mangan boraks kang ana ing panganan bisa ngakibatké gangguan utek, ati. lan ginjel.[3] Nalika cacahé wis akèh, boraks bisa njalari dhemam, anuria ya iku ora bisa nggawé cuwéran urin, koma, ngarangsang sistem saraf pusat, nggawé depresi, apatis, sianosis, tekanan getih kang mudhun, karusakan ginjel, semaput, nganti myebabaké pepati.[3]

Boraks lumrahé dianggo nggawé panganan kaya ta:[3]

Remove ads

Pranala njaba

Cathetan sikil

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads