Balung selangka

From Wikipedia, the free encyclopedia

Balung selangka
Remove ads

Sajeroning anatomi manungsa, balung selangka utawa clavicula iku balung kang mbentuk bahu lan ngubungaké lengen ndhuwur ing awak.

Thumb
Thumb
Clavicula kiwa - katon ndhuwur
Thumb
Clavicula tengen - katon ngisor

Ikhtisar

Clavicula awangun kurva-gandha lan dawa. Iki siji-sijiné balung kang dawa horizontal ing awak. Dumunung ing ndhuwur balung iga pisanan. Ing ujung medial, clavicula mawa sendhi ing manubrium saka sternum (balung dhadha) ing sendi sternoclavicularis. Ing pérangan ujung lateral mawa sendhi kanthi acromion saka scapula (balung walikat) kanthi sendi acromioclavicularis.

Tumrap wanita, clavicula luwih cendhak, tipis, kurang mlengkung, lan permukaané luwih alus.

Remove ads

Fungsi

Clavicula migunani kanggo:

  • Minangka ganjel kanggo ngadohaké anggota gerak ndhuwur saka pérangan dhadha supaya lengen bisa obah kanthi leluasa.
  • Nerusaké goncangan saka anggota obah ndhuwur menyang kerangka awak (aksial).

Sanadyan diklompokaké sajeroning balung dawa, clavicula iku balung siji-sijiné kang ora duwé gronggongan sungsum balung kaya ing balung dawa liyané. Clavicula kasusun saka balung spons.

Remove ads

Panèmpèlan

Otot-otot lan ligamentum kang nèmpèl ing clavicula:

Permukaan superior:

  • Otot deltoideus ing pérangan tuberculum deltoideus
  • Otot trapezius

Permukaan inferior:

  • Otot subclavius ing sulcus musculi subclavii
  • Ligamentum conoideum (pérangan medial saka ligamentum coracoclaviculare) ing tuberculum conoideum
  • Ligamentum trapzoideum (pérangan lateral saka ligamentum coracoclaviculare ing linea trapezoidea

Batas anterior:

  • Otot pectoralis mayor
  • Otot deltoideus
  • Otot sternocleidomastoid
  • Otot sternohyoideus
  • Otot trapezius

Perkembangan

Clavicula iku balung pisanan kang ngalami prosès pangerasan osifikasi sajeroning perkembangan embrio minggu angka 5 lan 6. Clavicula uga minangka balung pungkasan kang ngrampungaké prosès pangerasan yakuwi ing umur 21 taun.

Cidra umum

  • Dislokasi acromioclavicularis
  • Dislokasi sternoclavicular
  • Fraktur (patah) clavicula
  • Osteolisis
  • Degenerasi clavicula

Uga delengen

Pranala njaba

Réferènsi

  • Chung, Kyung. Board Review Series: Gross Anatomy, 4th edition.
  • Moore, Keith L. and Arthur F. Dalley. Clinically Oriented Anatomy, 4th edition.
  • Stedman's Medical Dictionary, 27th edition.
  • Mosby's Medical, Nursing, and Allied Health Dictionary, 5th ed.
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads