Embrio
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Embrio (basa Yunani: έμβρυον) iku siji eukariota diploid multisel sajeroning tahap paling awal saka perkembangan.

Sajeroning organisme kang tangkar tumangkar kanthi seksual, nalika siji sèl sperma mbuahi ovum, asilé iku siji sèl kang diarani zigot kang duwé kabèh DNA saka kaloro wong tuwané. Sajeroning tetuwuhan, kéwan, lan sapérangan protista, zigot bakal wiwit nyigar kanthi mitosis kanggo ngasilaké organisme multiselular. Asil saka prosès iki diarani embrio.
Ing kéwan, perkembangan zigot dadi embrio dumadi liwat tahapan kang ditepungi minangka blastula, gastrula, lan organogenesis.
Ing tetuwuhan, istilah embrio mung dinggo kanggo tetuwuhan cilik kang kadhapur sajeroning wiji kang ana sajeroning kaanan dormansi, nunggu kondhisi lingkungan kang cocog kanggo ngecambah.
Remove ads
Pirsani uga
- Embriogenesis
- Embriologi
- Fertilisasi in vitro
- Plant embryogenesis
- Embryo space colonization
- Meteng
Kang sadurungé Zigot |
Tahap perkembangan manungsa Embrio |
Kang sawisé Janin |
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Embryology. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads