Cut Tari
paraga wadon saka Indhonésiya From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Cut Tari Aminah Anasya, biyasa diundang Cut Tari (lair ing Jakarta, 1 Novèmber 1977; umur 47 taun) iku panatacara lan juru main sinétron Indonesia.[1] Tari isih ana keturunan Acéh saka wong tuwané.[1] Cut Tari lair nalika tanggal 1 November 1977.[1] Dhèwèké anak nomer telu saka dulur kang cacahé papat.[1] Bapaké jenengé Teuku Joesransjah.[1] Cut Tari lulusan saka Stamford College, Jakarta.[1] Cut Tari nikah karo Johannes Yusuf Subrata nalika tanggal 9 Januari 2004.[1] Sawisé telung taun, Cut Tari nglairaké anaké kang sepisanan, tanggal 10 Oktober 2007 Anake Cut Tari kang sepisanan jenéngé Sidney Azkassyah Yusuf.[1]

Remove ads
Biografi
Cut Tari kang duwé keturunan Acéh - Sumatera Kulon iki wis nduwé prestasi wiwit isih sekolah ing SD.[1] Cut Tari dadi juwara Musabaqoh Tilawatil Quran (MTQ) tingkat RW.[1] Cut Tari uga tau sinau piano lan organ, nanging mandheg ing tengah dalan lan ora diterusaké.[1] Nalika umuré 13 Taun, wong wadon kang biyasa diundang Ully iki dadi seneng foto-foto ing nganggo kodhak.[1] Wiwit cilik, Cut Tari pancen seneng dipoto.[1] Kariré dadi artis, kawiwitan nalika Cut Tari mèlu pamilihan Gadis Sampul 1991.[1] Saka lomba iki Cut Tari bisa dadi bintang ing pariwara prodhuk kosmetik, nalika taun 1993.[1] Nalika iku umuré Cut Tari wis 16 taun.[1]
Cut Tari diajak main sinétron karo Harry De Fretes, banjur dadi bintang tamu ing sinétron komedi Dongèng Langit.[1] Sawisé iku Cut Tari banjur éntuk tawaran kanggo main ing sinétron Sisi-Sisi Dunia (1993), Cut Tari uga dadi peran pembantu.[1] Nanging saiki wis akèh sinétron kang dibintangi Cut Tari kaya ta Perjalanan, Melati, Doaku Harapanku, Kafe Biru, Dewi Fortuna Tersanjung lan Rosalinda.[1] Nganti saiki Cut Tari rada bosen dadi peran antagonis kang kerep diperanaké ing sinétron.[1] Saliyané dadi bintang filem, Cut Tari uga dadi panatacara ing televisi.
Remove ads
Skandal
Ing pertengahan taun 2010, Cut Tari kena kasus video porno karo Ariel Peterpan.[2] Video kang isiné adegan mesum iki kasebar ing internét.[2] Amarga kasus iki, Cut Tari banjur putus kontrak dadi presenter ing Infotainment Insert kang disiyarake ing Trans TV.[2] Kawitane Cut Tari ora ngakoni yèn artis kang ana ing video mesum iku dhèwèké nanging pungkasané Cut Tari nangis lan ngakoni kabéh kang dilakoni ing video karo Ariel.[3] Berita ngenani skandal Ariel lan Cut Tari iku ora mung kasiyaraké ing Indonésia nanging uga ing koran - koran ing mancanegara.[4]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads