Piano

From Wikipedia, the free encyclopedia

Piano
Remove ads

Piano inggih punika piranti musik ingkang dipuntabuh kanthi asta. Tiyang ingkang asring mainaken piano asring sinebat pianis.[1][2] Ing wiwitanipun piano dipunripta, swantenipun taksih dèrèng seru tinimbang piano ingkang wonten ing jaman sapunika (abad XX-an), kados piano ingkang dipunripta déning Bartolomeo Cristofori (16551731) damelan taun 1720.[1][2] Amargi teganganipun senar piano ing wekdal samanten taksih dèrèng langkung kiyat kados sapunika. Sapunika piano kasebat dipunpameraken ing Metropolitan Museum of Art ing New York.[1] Taksih dèrèng wonten ingkang saged demtokaken sinten ingkang ngripta piano, kathah tiyang ingkang ngakeni manawi Bartolomeo Cristofori ingkang ngripta piano.[1] Piano ugi sanès piranti musik ingkang wiwitan ingkang nganggé papan tuts lan kerjanipun kanthi dipunpetek.[1] Piranti musik kanthi prinsip meh sami kaliyan piano sampun wonten wiwit taun 1440.[1] Piano dipunripta saking kekajengan badhé nggabungaken kaendahanipun nada clavichord kanthi kekiyatanipun harpsichord.[1] Kekajengan punika damel Marius saking Paris (1716), Schroter saking Saxony (1717), lan Christofori (1720) saking Padua, Italia, kanggé damel piano.[1] Nanging asil ingkang wutuh lan jangkep nembé dipunpameraken déning Bartolomeo Christofori. Saking piano damelanipun harpsichord lan spinet (harpsichord alit) ing Pura Florentine-dalemipun Pangeran Ferdinand de’Medici.[1]

Sunyata Rikat Keyboard instrument, Klasifikasi Hornbostel–Sachs ...
Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads