Dmitri Mendeleev

From Wikipedia, the free encyclopedia

Dmitri Mendeleev
Remove ads

Dmitri Mendeleev (basa Ruslan: Дми́трий Ива́нович Менделе́ев, Dmitriy Ivanovich Mendeleyev) (8 Fèbruari [K.J.: 27 Januari] 1834 2 Fèbruari [K.J.: 20 Januari] 1907) punika satunggiling ahli kimia saking Kamaharajaan Ruslan ingkang ngripta tabèl periodik dhedhasar paningkatan wilangan atom. Wilangan puniki nedahaken gunggung proton ingkang wonten salebetipun inti atom. Gunggung proton sami kaliyan gunggung èlèktron ingkang ngubengi atom bébas.

Sunyata Rikat Lair, Pati ...

Panjenenganipun manggihaken nalika nyawisaken satunggiling buku wulangan kanggé mahasiswanipun. Panjenenganipun manggihaken manawi panjenenganipun nata unsur-unsur miturut minggahing massa atom, unsur kanthi sipat ingkang mèmper badhé muncul kanthi selang ingkang mawi skala. Panjenenganipun kasil nyajèkaken asil kerjanipun dhumateng Himpunan Kimia Ruslan ing awal 1869.

Punika maringaken kauntungan kanggé piyambakipun amargi ing pungkasan taun ingkang sami, satunggiling kimiawan sanès saking Jerman, Julius Lothar Meyer, ugi kasil nyusun tabèl ingkang sami, nanging amargi kasil langkung rumiyin, Mendeleev ingkang dipunanggep minangka pamanggih pratélan berkala.

Salebetipun panlitènipun, panjenenganipun damel sapérangan urutan ngenani unsur-unsur dat kimia ingkang sampun dipunmangertosi kanthi nyusun saprangkat kertu, ing pundi saben kertu isi saben unsur lan sipat-sipat kimianipun. Panjenenganipun manggihaken ukum periodik nalika nyusun kertu-kertu puniku, ingkang dipunsusun kanthi urutan miturut paningkatan massa atomipun, lan sipat-sipatipun dipunbalèni kanthi periodik. Malah wonten sakedhik kaluwihan ing tabèl periodik ingkang dipunsusun, inggih punika wontenipun pangakenan ngenani unsur-unsur énggal ingkang dèreng dipunmangertosi massanipun, panjenenganipun manggihaken tabèl periodik mau kados ta galium, germanium, lan skandium. Panjenenganipun nyawisaken ruang kanggé unsur-unsur puniku lan malah sampun mrakirakaken pinten massa atom lan kepripun sipat-sipat kimianipun samangké.

Remove ads

Pranala njawi

Biografi

  • Roger Rumppe and Michael E. Sixtus, "Ich bin Mendelejeff" Archived 2006-06-21 at the Wayback Machine., care of the Woodrow Wilson Leadership Program in Chemistry. 20 sources. Notes, among other things, that various sources list D.M.'s siblings as being 10 to 16 in number. woodrow.org

Tabèl periodik

Sanèsipun

Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads