Escherichia coli
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Escherichia coli, utawi saged dipunringkes E. coli, inggih punika salah satunggalipun spésies utami baktèri gram négatif.[1] E. Coli punika salah satunggalipun bakteri ingkang gesang wonten ing usus kéwan lan jalmi ingkang boten mbebayani.[1][2] Bakteri punika saged mbiyantu pencernaan wonten ing ususipun manungsa.[2] Bakteri E. Coli ingkang paling mbebayani dipunsebat 0157: H7 amargi ngasilaken racun ingkang banget laranipun lan saged damel mriang manawi wonten ing panganan utawi ombenan.[1] Panganan ingkang boten dipunresiki rumiyin kanthi saé kados bayem, selada, godhong bawang, utawi iwak dhendheng ingkang boten mateng saged njalari infeksi bakteri punika.[1] Saged ugi kanthi konthak langsung antawisipun tiyang kalih ingkang astanipun boten resik. Ngunjuk susu ingkang boten dipunpasteurisasi ugi saged njalari infeksi bakteri E. Coli.[1]
Remove ads
Gejalanipun Infeksi Escherichia Coli
Gejalanipun tiyang kénging inféksi bakteri punika inggih punika diaré lan weteng lara.[1] Biasanipun nembé ngraosaken sasampunipun tigang ngantos sekawan dinten sasampunipun kénging inféksi bakteri Escherichia Coli.[1] Laré ingkang umuripun nembé gangsal taun lan tiyang ingkang sampun sepuh gampil kénging bakteri punika. Inféksi saged nyebar dhateng sél-sél dharah abrit lan ginjel. Èfèk jangka panjangipun inggih punika ginjel saged risak lan tiyang punika saged séda.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads