F-16 Fighting Falcon

From Wikipedia, the free encyclopedia

F-16 Fighting Falcon
Remove ads

F-16 Fighting Falcon inggih punika jet tempur multi-peran ingkang dipunwedalaken déning General Dynamics (lajeng dipunakuisisi déning Lockheed Martin), ing Amérika Sarékat. Montor mabur punika wiwitanipun dipundamel minangka pesawat tempur ringan, lajeng evolusi dados montor mabur tempur ingkang misuwur ing donya.[1] Montor mabur F-16 saged dipunangge ing pundi kemawon misi, kaunggulan punika ingkang damel F-16 sukses ing pasar ekspor, lan sampun dipunangge wonten ing 25 nagari sasanesipun Amérika Sarékat.[1] Montor mabur punika sampun misuwur sanget ing jagad internasional lan dados proyek montor mabur saking Amérika serikat ingkang paling ageng lan signifikan, kanthi sampun watawis 4000 F-16 sampun dipunwedalaken awit tau 1976. Sapunika montor mabur punika boten diprodhuksi kanggé Angkatan Udara Amérika Sarékat, nanging namung dipunwedalaken kanggé èkspor kemawon.[1] Fighting Falcon punika pesawat tempur kanthi pinten-pinten inovasi. Inovasi kasebat kados: (1) gelembung kanopi boten mawi bingkai, (2) visibilitas kontrol ingkang dipunrancang supados saé nalikanipun manuver, (3) papan kanggé lenggah juru anggegana ingkang dipunrancang kanthi ukran 30 drajat saéngga saged ngirangi èfèk grafitasi, lan sanèsipun. Kaunggulan pesawat punika inggih punika saged mabur banter sanget lan gesit.[2]

Sunyata Rikat
Thumb
F-16A Nurwègen ing nginggiling Balkan.
Remove ads

Pranala njawi

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads