Franz Magnis-Suseno

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Franz Magnis-Suseno punika salah satunggalipun rohaniawan, dhosèn Etika ing Sekolah Tinggi Filsafat Driyarkara Jakarta lan dhosèn boten tetep ing Fakultas Sastra lan Fakultas Psikologi Univèrsitas Indonésia ing Jakarta.[1] Panjenenganipun miyos ing Eckersdorf, Jerman, tanggal 26 Mèi 1936.[1] Sinau filsafat, téologi, lan téyori pulitik ing Hochschule fur Philosophie Pullach, ing Institut Filsafat Téologi ing Yogyakarta lan ing Univèrsitas Munchen.[2] Magnis-Suseno tindak dhateng Indonésia ing taun 1961, ing wekdal punika panjenenganipun nembé gadhah yuswa 25 taun[2]. Panjenenganpun dhateng Indonésia saperlu ngudi ngèlmu filsafat lan teologi ing Yogyakarta.[2]

Franz Magnis Suseno pikantuk gelar dhoktor ing babagan filsafat saking Univèrsitas Munchen ing taun 1973.[1] Sadèrèngipun dados warga nagara Indonésia ing taun 1977, Franz Magnis-Suseno inggih punika warga nagara Jerman ingkang gadhah asma Franz Graf von Magnis.[3] Panjenenganipun kawentar minangka cendekiawan ingkang lantip lan saged manjing ajur ajer utawi kekancanan kaliyan sinten kemawon.[3]

Remove ads

Karya-karyanipun Franz Magnis-Suseno

Karya-karya èlmiyah ingkang sampun dipunasilaken déning Franz Magnis Suseno kados:[1]

  1. Normative Voraussetzungen im Denken des jungen Marx (1843-1848) (1975)
  2. Etika Umum
  3. Masalah-masalah Pokok Filsafat Moral (1975))
  4. Kita dan Wayang (1982)
  5. Javanische Weisheit und Ethik. Studie zu einer östlichen Moral. Oldenbourg, München/Wien (1981), ISBN 3-486-50561-0.
  6. Etika Jawa dalam Tantangan (1983)
  7. Etika Jawa (1985)

Karya sanèsipun inggih punika: Menalar Tuhan lan Etika Pulitik.[3]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads