Gangjeong
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Gangjeong (강정) ya iku jinis roti tradhisional kas Koréa (hangwa) kang digawé saka beras ketan kanthi wujud lan ukuran kang béda-béda.[1] Gangjeong disajekake déning wong Koréa ing acara-acara wigati kaya ta acara kawinan, upacara ritual, lan festival taun anyar Seollal.[2] Prosès gawéne roti iki diwiwiti saka bahan utama ya iku beras ketan, dideplok nganti alus lan divampur karo banyu, saéngga dadi adonan.[1] Banjur bahan iki dikethok cilik-cilik seukuran driji tangan, dipepe lan digoreng nganggo lenga.[1] Sawisé mateng, roti-roi mau dilabur sirup ragi lan glepung kang digawé saka campuran wwiji wijen, kedelai, kacang cemara, pollen lan glepung beras.[1]

Remove ads
Jinis
Uga delengen
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads