Ragi

From Wikipedia, the free encyclopedia

Ragi
Remove ads

Ragi utawa fermen ya iku dat kang njalari dumadiné fermentasi. Ragi racaké ngandhut mikroorganisme kang nglakoni fermentasi lan medhia biakan kanggo mikroorganisme mau. Medhia biakan iki bisa awangun butiran-butiran cilik utawa cuwèran nutrien. Ragi lumrahé dipigunakaké sajeroning indhustri panganan kanggo gawé panganan lan ombèn asil fermentasi kaya ta acar, témpé, tapé, roti, lan bir.

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Phyla and Subphyla ...

Mikroorganisme kang dipigunakaké sajeroning ragi lumrahé kapérang saka manéka bakteri lan fungi (khamir lan kapang), ya iku Rhizopus, Aspergillus, Mucor, Amylomyces, Endomycopsis, Saccharomyces, Hansenula anomala,, Lactobacillus, Acetobacter, lan liya-liyané.

Manéka jinis ragi kang dipigunakaké ing manéka nagara lan kabudayan ing donya digawé migunakaké medhia biakan tinentu lan campuran tinentu galur fungi lan bakteri[1][2].

Ing ngisor iki sebutan ragi ing manéka kabudayan:

Remove ads

Pirsani uga

Réferènsi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads