Gram-positif

From Wikipedia, the free encyclopedia

Gram-positif
Remove ads

Gram-positif ya iku baktèri kang mempertahankanaké zat warna kristal violet nalika prosès pewarnaan Gram saéngga bakal dadi warna biru utawa ungu ing ngisor mikroskop.[1]

Thumb
Bakteri gram positif Bacillus anthracis (batang ungu) ing cuwèran serebrospinal. Sèl kang liya aiku sèl darah putih.

Disisi liya, baktèri gram-négatif bakal berwarna abang utawa jambon.[1] Perbedaan kaloroné andhedhasar perbedaan struktur dinding sèl kang béda lan bisa dinyatakan déning prosedur pewarnaan Gram.[2] Prosedur iki tinemu nalika taun 1884 déning ilmuwan Dhénemarken jenengé Christian Gram lan wujud prosedur wigati sajeroning klasifikasi baktèri.[3]

Bakteri gram positif kaya Staphylococcus aureus (baktèri patogen kang umum ing manungsa) amung duwé membran plasma tunggal kang diubengi dinding sèl kandel wujud peptidoglikan.[2] Sekitar 90 persèn saka dinding sèl mau kasusun déning peptidoglikan wondene turahane wujud molekul liya kanti jeneng asem teikhoat.[1] Ing sisih liya, baktèri gram négatif (kaya E. coli) duwé sistem membran ganda ing ngendi membran pasmane diselimuti déning membran njaba permeabel.[2] Bakteri iki duwé dinding sèl kandel wujud peptidoglikan, kang apan ing antarané membran jero lan membran jabane.[2]

Remove ads

Karakteristik

Ing ngisor iki ya iku karakteristik saka baktèri Gram positif lan négatif. Prescott LM, Harley JP, Klein DA. 2002. Microbiology. 5th Ed. Boston: McGraw-Hill. KarakteristikGram positifGram négatif Dinding sèl

Homogen lan kandel (20-80 nm) sarta sapérangan gedhé kasusun saka peptidoglikan. Polisakarida liya lan asem teikoat bisa mèlu nyusun dinding sèl.

Peptidoglikan (2-7 nm) antarané membran jero lan jaba, sarta anané membran jaba (7-8 nm kandele) kang kasusun saka lipid, protéin, lan lipopolisakarida

Remove ads

Wujud sèl

Bunder, dawa utawa filamen

Bulat, oval, batang lurus utawa mlungker kaya tanda koma, heliks utawa filamen; pira-pira duwé selubung utawa kapsul Reproduksi

Pembelahan biner

Pembelahan biner, kadang-kadang pertunasan Metabolisme

kemoorganoheterotrof

Fototrof, kemolitoautotrof, atau kemoorganoheterotrof Motilitas

akèhé nonmotil, yèn motil jinis flagelane ya iku petritrikus (petritrichous)

Motil utawa nonmotil. Wujud flagela bisa bervariasi-polar,lopotrikus (lophtrichous), petritrikus (petritrichous). pérangan awak (apendase)

Biasane ora duwé apendase

Isa duwé pili, fimbriae, tangkai Endospora

Pirang-pirang wujud endspora

ora bisa minangka endospor

Remove ads

Peptidoglikan

  • Peptidoglikan (murein) ya iku komponèn utama dinding sèl baktèri kang sipaté kaku lan bertanggungjawab kango njaga integritas sèl sarta nentukake wujudé.[4]
  • Protoplas ya iku sèl kang wis diilangi dinding sele lan amarga salah sijiné sèl urip ing lingkungane hipotonis (luwih encer ketimbang sitoplasma sèl) mangka kecenderungane banyu bakal lumebu marang jero sèl saéngga protoplas kang ora duwé perlindungan dinding sèl bakal pecah.[4]
  • Peptdoglikan ya iku polisakarida kang kasusun saka gula turunan ya iku asem-N-asetil glukosamin sarta asem-N-asetil muramat, lan salah siji rantai peptida cendak kang contohe kasusun saka asem amino l-alanin, d-alanin, d-asem glutamat, lan baik l-lisin utawa asem diaminopimelik (DAP).[4]
  • DAP ya iku asem amino langka kang amung tinemu ing dinding sèl prokariot.[4]

Kanggo keterangan luwih lanjut bisa di deleng ing gambar ngisorr iki.

Thumb
Skema dinding sèl baktèri gram positif

Klasifikasi

Ing ngisor iki ya iku klasifikasi saka baktèri Gram positif.

Thumb

Lelara

Ing ngisor iki ya iku lelara-lelara kang bisa diakibataké déning baktèri Gram positif lan négatif.[4]:

Katerangan liyané Genus, Lelara ...
Remove ads

Uga delengen

Réferènsi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads