Staphylococcus aureus

From Wikipedia, the free encyclopedia

Staphylococcus aureus
Remove ads

Staphylococcus aureus (S. aureus) ya iku bakteri gram positif kang ngasilaké pigmen kuning, asipat aerob fakultatif, ora ngasilaké spora lan ora motil, racaké urip kanthi pasang-pasangan lan golongan, kanthi diameter sakiwa-tengené 0,8-1,0 µm.[1][2] S. aureus urip kanthi optimum ing suhu 37oC kanthi wektu pambelahan 0,47 jam.[3] S. aureus minangka mikroflora normal manungsa[3]. Bakteri iki lumrahé ana ing saluran pernafasan dhuwur lan kulit[1][4]. Anane S. aureus ing saluran pernafasan dhuwur lan kulit ing individu jarang nyebabake lelara, individu séhat lumrahé mung duwé peran minangka karier [1]. Infeksi serius bakal kedaden nalika resistensi inang dadi loyo amarga anané owahing hormon; anané lelara, tatu, utawa perlakuan nggunakaké steroid utawa obat liya kang ngusadani imunitas saéngga ndadèkaké loyoning inang[1].

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...

Infeksi S. aureus diasosiasekake kanthi pirang-pirang kondisi patologi, ing antarané wudun, kukul, pneumonia, meningitis, lan arthritits[1]. Akeh-akèhé lelara kang disebabake déning bakteri iki mroduksi nanah, nula bakteri iki diarani piogenik[1]. S. aureus uga ngasilaké katalase, ya iku enzim kang ngonversi H2O2 dadi H2O dan O2, lan koagulase, enzim kang nyebabake fibrin ngoagulasi lan mbentuk gumpalan[1]. Koagulase diasosiasekake kanthi patogenitas amarga panggumpalan fibrin kang disebabake déning enzim iki kaakumulasi ing kiwa-tengené bakteri saéngga agen pelindung inang kangelan ngancik bakteri lan fagositosis kagondeli[1].

Remove ads

Mikrobiologi

S. aureus kalebu bakteri osmotoleran, ya iku bakteri kang urip ing lingkungan kanthi rentang konsèntrasi zat terlarut (tuladhané uyah) kang amba, lan bisa urip ing konsèntrasi NaCl sakiwa-tengené 3 Molar.[3] Habitat alami S aureus ing manungsa ya iku ing daerah kulit, irung, cangkem, lan usus gedhé, lan wetu iku kaanan sistem imun normal, S. aureus ora asipat patogen (mikroflora normal manungsa).[3]

Quorum Sensing

S. aureus duwé kaprigelan Quorum sensing nggunakaké sinyal oligopeptida kanggo mroduksi toksin lan faktor virulensi.[3]

Remove ads

Cathetan suku

Uga delengen

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads