Ham Eun Jung
juru nembang saka Koréya Kidul From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Ham Eun-jeong (함은정) iku aktris lan penyanyi saka Koréa.[1] Dhèwèké duwé dedegan sing dhuwuré 167 cm lan boboté 47 kg. Dhèwèké tau sekolah ing Dongguk University (Performing Arts).[2] Klangenane Eun Jung ya iku nonton filem, ndelok-ndelok majalah fashion, lan maca buku. Dhèwèké duwé keahlian babagan Tae Kwon Do, Lelagon traditional Koréa, lan pacuan jaran.[3]
Eun Jung iku anak tunggal, ibune guru piano ing Koréa Kidul. Nalika cilik, Eun Jung tau mèlu kontès Little Miss Koréa ing taun 1995. Nalika iku, dhèwèké isih umur 7 taun. Dhèwèké uga tau katon ing filem drama lan iklan sabun kang dibabarake stasiun telivisi lokal. Eun Jung seneng ulah raga Tae Kwon Do. Nalika SMP, dhèwèké tau ngentukake 3 kajuwaraan Tae Kwon Do.
Karire Eun Jung diwiwiti dadi modhel ing salah siji video SG Wannabee's "Gasisri". Dhèwèké uga taun akting ing video klip FT Island, kaya ta Cheondung, Hansaramman, lan Namjaui Cheotssarangeun Mudeomkkaji Ganda. Dhèwèké uga katon ing video klip Davinci's kang irah-irahane Sigana Moeomchawora.
Drama pisanan kang dimainake déning Eun Jung ya iku Coffe House. Ing filem iku dhèwèké main dadi Kang Seon Yeon, bocah wadon lugu kang duwé kedai kopi, lan ing pungkasan carita, dhèwèké dadi sekretarise panulis kang misuwur. Dhèwèké uga main ing serial drama sekolah Dream High. Ing filem iku dhèwèké main dadi Yoon Baek Hee lan ing filem iku dhèwèké main barengan karo Suzy Miss A minangka Go Hye Mi.[4]
Tara Eun Jung kang duwé jeneng asli Ham Eun Jung bisa diundang Tara Eun Jung amarga dhèwèké kalebu ing golongan grup Tara. Saliyané Eun Jung, personel Tara liyané ya iku Boram, Qri, lan Park Ji Yeong.
Remove ads
Filmografi
Serial Televisi
Drama Televisi
Film
TV Show
Music video appearances
Remove ads
Diskografi
Soundtrack
Liyane
Remove ads
Bebungah
Cathetan sikil
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads