Hulk (pemain bal-balan)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Givanildo Vieira de Souza (lair ing Campina Grande, Brasil, 25 Juli 1986; umur 39 taun), racaké dikenal minangka Hulk (pangucapan ing basa Portugis: [ˈhuwki]), ya iku juru main bal-balan Brasil sing main kanggo FC Zenit Saint Petersburg ing Ruslan, minangka striker utawa pemain sayap.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Sawisé miwiti main profésional bareng EC Vitória lan main telung taun ing J. League Jepang, panjenengané nglanjutaké kanggo main sapropirané mangsa ing Portugal bareng F.C. Porto, menangaké sepuluh gelar utama-kalebu Liga Éropa UEFA 2010-11 lan telu kejuaraan nasional-lan panjenengané dinobataké minangka panyétak gol paling akèh ing liga.
Hulk makili Brasil ing Olimpiade 2012.
Remove ads
Kauripan awal
Hulk lair ing Campina Grande, Paraíba, lan nampa jejuluk saka bapaké, salah sijining panggemar saka serial televisi The Incredible Hulk.[1][2]
Karier klub
Brasil lan Jepang
Hulk wiwit main kanthi profésional karo Esporte Clube Vitória ing Salvador, Bahia, banjur émigrasi lan disilihaké ing Jepang kanggo main karo Kawasaki Frontale. Sanadyan wés dituku sewulan salanjuté, panjenengané disilihaké ing tim divisi loro Consadole Sapporo, ing kunu panjenengané mainaké kabèh laga mangsa 2006, nyétak 25 gol, kurang siji gol saka panyétak gol paling akèh.
Ing taun 2007 Hulk disilihaké manèh ing tim divisi loro, Tokyo Verdy, ing kunu panjenengané luwih produktif, nyetak 37 gol ing 42 tetandhingan lan dadi panyetak gol paling akèh mangsa iku. Panjenengané bali sedéla ing Kawasaki taun 2008, nanging bali gabung Verdy sawisé mung main ing rong tetandhingan.
Porto

Tanggal 16 Agustus 2008, panjenengané nglakokaké debut kanggo F.C. Porto, minangka pangganti ing tetandhingan sing kalah 2-0 saka Sporting CP ing Piala Super Portugal.[3] Gol kapisane ing liga domestik kacetak nalika Porto éntuk kamenangan kandang 2-0 karo C.F. Os Belenenses tanggal 24 Agustus 2008.[4] Sawisé bola-bali main apik ing Liga Champions UEFA 2008-09, panjenengané kapilih minangka salah sijining juru main saka sepuluh sing paling apik déning UEFA.[5] Ing pungkasan Agustus 2009, panjenengané ndawakake kontrake tekan Juni 2014, kanthi klausul pembelian sing munggah dadi 100 yuta euro.[6]
Gol internasional
Brasil U-23
Remove ads
Prestasi
Klub
- Porto
- UEFA Europa League: 2010–11
- Primeira Liga: 2008–09, 2010–11, 2011–12
- Taça de Portugal: 2008–09, 2009–10, 2010–11
- Supertaça Cândido de Oliveira: 2009, 2010, 2011
- Piala Super UEFA: Runner-up 2011
Nagara
- Olimpiade Mangsa Panas: Medali pérak Olimpiade Mangsa Panas 2012
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads