Jalak

From Wikipedia, the free encyclopedia

Jalak
Remove ads

Jalak (Ingg. starling) ya iku jeneng kulawarga manuk ocèhan saka suku Sturnidae. Manuk kang lumrahé wujudé (kira-kira 20–25 cm), gagah, duwé cucuk kang kuwat, lancip lan lurus. Sikilé dawa padha karo awaké lan manuk iki akèh nyusuh ana ing wit kang bolong.Manuk jalak uga gampang dijinakake, lan asring diingoni ana ing kandhang utawa ana ing tlatah jawa sok diarani kurungan. Manuk saka kulawarga Sturnidae bisa ditemoni ana ing sakubeng tlatah ing indonésia mligi ana ing Pulo Sumatra, Jawa, lan Bali. Uga manuk jalak uga kasebar ana ing laladan kulon Bangladesh, Bhutan, Kamboja, Cina, India, Laos, Myanmar, Nepal, Pakistan, lan Thailand[1].

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Kulawarga ...
Remove ads

Pakan

Pakan sadina-dina akèeh mangan sak anané pangganan wiwit saka woh-wohan nganti wiji-wijian. Manuk Jalak ana ing kurungan racaké dipakani wujud voer, woh, gedhang, kroto, lan anggo-anggo.

Lanang wedhoké

Angèl banget mbédakake manuk jalak lanang lan wadon. Lumrahé digolèki ing pérangan kloaka lan Jalak lanang ing pérangan kloaka kang metu.

Thumb
Jalak Bali

Jinis

Jinise kira-kira ana 25 jinis jalak lan kulawargané kerabat, ya iku perling lan beo, ing Indonésia.

Mumpangat

Lumrahé manuk mau digandrungi wong kang ana ing kutha utawa ana ing désa, uga akèh kang nyenengngi wujud lan suarané kanggo ocehan [3]. Manuk Jalak uga ngandhut khasiat kang unik ya iku:

  1. Bisa warasake lemes syahwat.
  2. Bisa nahan banyu mani kang rikat métu.
  3. Bisa nambani ambegan sésék (sesak napas)

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads