James Franco
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
James Franco utawa James Edward Franco (lair 19 April 1978) ya iku aktor, sutradara, lan prodhuser saka Amérikah Sarékat. Franco lair ing Palo Alto, California.[1] Dhèwèké wiwit main filem ing taun 1997, main ing filem seri Freaks and Geeks lan main ing filem-filem nom-noman (remaja).[2] Dhèwèké tau menang éntuk anugerah Golden Globe untuk bermain karakter tituler ing filem James Dean, lan misuwur kanthi wateke ing filem kapindho ya iku Spider-man. Taun 2006, Franco main ing telung filem Hollywood langsung, ya iku Tristan & Isolde, Annapolis, lan Flyboys.[3]
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani James Franco. |
Franco wis diakui kaping pindhone ing karya dramatis lan komedhi sajeroning proyek-proyek lan muncul ing medhia eklektik proyek wiwit taun 2000-an. Penampilane ing filem 127 Hour ndadèkaké dhèwèké éntuk nominasi kanggo akehing profil dhuwur pahargyan, kaya ta Academy Awards, Golden Globe, lan SAG Awards.
Remove ads
Kulawarga
Parabane "Ted", James Edward Franco lair ing Palo Alto, California. Ibune, Betsy Lou (Verne née), ya iku panyair, panulis, lan editor, déné bapaké, Douglas Eugene Franco, makarya ing lembaga non-profit lan perusahaan kontainer, kekarone ketemu nalika isih dadi mahasiswa ing Universitas Stanford.[4] Bapaké Franco ya iku keturunan Portugis lan Swèdhen, lan ibune Franco ya iku wong Yahudi, katurunan imigran saka Ruslan (jeneng kaluwargane wis kaubah saka "Verovitz" dadi "Verne").[5] Simbah putrine, Marjorie (Peterson) Franco, ya iku panulis kang nerbitake buku nom-noman diwasa. Simbah putri saka ibune, Mitzie (Levine) Verne, duwé Gladri seni Verne, ya iku gladri seni kang misuwur ing Cleveland, lan dadi anggota aktif ing Dewan Nasional Perempuan Yahudi.
Pangopenan kulawarga Franco ya iku "akademis, liberal lan sekuler." Dhèwèké digedhèkaké ing California lan duwé adhi lanang loro, Tom lan Dave ("Davy"), adhi kang pungkasan uga dadi aktor. Amarga duwé kapinteran ing matematika, Franco magang ing Lockheed Martin. Franco kerep dikongkon bapaké supaya éntuk biji apik lan bisa makarya kanthi apik ing SAT-e.[6] Dhèwèké lulusan Sekolah]] Tinggi Palo Alto ing taun 1996, ing kana dhèwèké sinau drama. Nalika SMA, Franco dicekel amarga ngombé-ombé ing ngisor umur, grafiti lan lan mèlu kelompok kang nyolong wewangen désainer saka toko banjur didol marang kanca-kancané sekelas.
Sanajan idene péngin dadi zoologi laut, Franco meneng-meneng péngin dadig aktor, nanging wedi nolak. Dhèwèké kacathet ing University of California, Los Angeles (UCLA) ing jurusan basa Inggris, nanging ora tutug ing taun pisanane amarga nglawan kapenginane wong tuwané. Kanggo ngoyak karire minangka aktor, dhèwèké kudu ngenteni rong taun kanggo audisi.[7] Franco malah milih njupuk wulangan akting karo Robert Carnegie ing West Playhouse. Nalika iku, Franco makarya tengah wengi ing McDonald kanggo nguripi awake dhèwèké amarga wong tuwané ora gelem nyekolahake. Dhèwèké ya iku vegetarian nalika makarya ing kana. Nalika makarya ing pembéntukan, ing kelas aktinge, dhèwèké bekalan sinau aksen ing pelanggan.
Remove ads
Filmografi
Remove ads
Cathetan sikil
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads