Urmia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Urmia[nb 1] (Pèrsi: ارومیه; Basa Azéri: اورمیه; Syriac: ܐܘܪܡܝܐ; (kocap [oɾumiˈje] ( rungokaké)[nb 2]); Kurdhi: Ûrmiye, ورمێ) ya iku kutha paling gedhé ing Provinsi Azerbaijan Kulon ing Iran lan minangka kutha krajané Kabupatèn Urmia. Urmia iki kutha paling padhet ka-10 ing Iran. Ing sènsus taun 2012, cacah jiwané ana 667.499, kanthi 197.749 kulawarga. Padunungé kutha iki akèhakèhé wong Azerbaijan kang nyaturaké basa Azerbaijan.[1][2][3][4] Nanging uga ana minoritas wong-wong Kurdhi, wong Asiria, lan wong Arménia.[5] Ing sakiwa-tengené kutha iki, produk-produk tani kaya apel, anggur lan tembako ditandur. Kala mbiyèn akèh wong Kristen, mligi wong katurunan Arménia kang manggon ing kutha iki. Ing taun 1900 kurang luwih 40% kang ndunungi kutha iki wong Kristen. Nalika ing tanggal 9 Januari 2011 ana montor mabur Air Iran Pamaburan 277 tiba ing kutha iki. Ana kurban téwas 70 jiwa.
Remove ads
Cathetan
- Variously transliterated as Oroumieh, Oroumiyeh, Orūmīyeh and Urūmiyeh
Rujukan
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads