Kasunanan Surakarta

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kasunanan Surakarta
Remove ads

Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Hanacaraka: ꦑꦯꦸꦟꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦯꦸꦫꦑꦂꦡꦲꦢꦶꦟꦶꦁꦫꦠ꧀) iku karajan ing Jawa Tengah kang madeg taun 1745 minangka terusan saka Kasunanan Kartasura.

Sunyata Rikat


Thumb
Gerbang Kraton Kasunanan Surakarta (foto antara 1880-1920)
Remove ads

Latar wuri

Kasultanan Mataram bubar jalaran pambrontakan Trunajaya taun 1677. Kutha krajané dipindhah déning Sunan Amral menyang Kartasura. Ing jaman Pakubuwana II, Kasunanan Kartasura bubar jalaran pambrontakan wong-wong Tionghoa kang olèh panjurung saka wong-wong Jawa anti VOC taun 1742. Kutha Kartasura kasil direbut manèh déning Cakraningrat IV, panguwasa ing Medura Kulon, sekuthu VOC nanging kahanané wis rusak banget. Pakubuwana II kang nyingkir menyang Panaraga mutusaké kanggo miyasa pura anyar ing désa Sala, kang bakal dadi kutha krajaning Kasultanan Mataram kang anyar lan diwastani "Karaton Surakarta".

Wangunan Karaton Kartasura kang wus remuk, lan dianggep rusak wis ora pantes manèh. Mula saka iku Tumenggung Hanggawangsa, Tumenggung Mangkuyudha, lan J.A.B Hohendorff diutus déning Pakubuwana II kanggo golèk papan kanggo ngadegaké karaton kang anyar. Nuli karaton anyar diwangun ing pinggiré Kali Bengawan Sala, ing Désa Sala ing taun 1745. Karaton diyasa klawan kayu jati saking Alas Kethu, kang ana ing laladan Wanagiri. kayuné dikèlikaké lumantar Kali Bengawan Sala. Karaton resmi ngadeg ing 17 Fèbruari 1745, utawa Rebo Pahing 14 Sura 1670.

Jalaran Prajanjian Giyanti 13 Fèbruari 1755, Surakarta dadi kutha krajané Kasunanan Surakarta, klawan Ratu Pakubuwana III. Déné Ngayogyakarta uga yasa karatone dhéwé ing taun 1755, kalawan Ratu Hamengkubuwana I. Ing Prajanjèn Salatiga, taun 1757 wewengkon Kasunanan Surakarta ing sisih lor diwènèhaké menyang Pangéran Sambernyawa (Mangkunagara I).

Remove ads

Pangrembakan

Kasunanan Surakarta minangka terusan saka Kasunanan Kartasura banjur ngadhepi kraman Pangeran Mangkubumi rayi dalem Pakubuwana II ing taun 1746. Ing satengahing prang, Pakubuwana II séda jalaran gerah ing taun 1749. Nanging, panjenengané masrahaké kadhaulatan nagara Jawa marang VOC kang diwakili déning Baron von Hohendorff. Wiwit iku, mung VOC kang duwé hak nglantik ratu-ratu turunané Mataram.

Ing tanggal 13 Fèbruari 1755 VOC kang nembé nemahi bangkrut kasil ngajak Pangéran Mangkubumi rukun. Prajanjian Giyanti kang ditapakasmani déning Pakubuwana III ngakoni kadhaulatan Pangéran Mangkubumi minangka ratu Mataram kang nguwasani separo saka wewengkon Kasunanan Surakarta kanthi wastana Hamengkubuwana I. Sairingan karo lumakuning wektu, nagari Mataram kang dipanggedhèni déning Hamengkubuwana I banjur luwih misuwur kanthi jeneng Kasultanan Ngayogyakarta.

Sabanjuré, wewengkon Kasunanan Surakarta tansaya suda jalaran separo saka wewangkoné diwènèhaké marang Mangkunagara I lumantar Prajanjèn Salatiga taun 1757. Wewengkon Surakarta tansaya suda manèh sawisé Perang Dipanagara rampung taun 1830 jalaran laladan-laladan mancanagara direbut peksa déning Walanda.

Remove ads

Mangsa Kamardikan

Ing wiwitan mangsa kamardikan Républik Indonésia (1945-1946), Kasunanan Surakarta bebarengan karo Praja Mangkunagaran tau dadi Laladan Istiméwa Surakarta. Nanging amarga gègèran lan agitasi pulitik nalika iku, ing tanggal 16 Juni 1946 Pamaréntah Indonésia ngowahi statusé dadi Karésidhènan Surakarta, nyawiji sajeroning wewengkon Nagara Kesatuan Républik Indonésia.

Pratélan Sunan Surakarta

Uga delengen


Didhisiki déning:
Kasunanan Kartasura
Kasunanan Surakarta
1742-1755
Diganti déning:
Kasunanan Surakarta
Kasultanan Yogyakarta
Didhisiki déning:
Kasunanan Surakarta
Kasunanan Surakarta
1755-1757
Diganti déning:
Kasunanan Surakarta
Praja Mangkunagaran
Didhisiki déning:
Kasunanan Surakarta
Kasunanan Surakarta
Praja Mangkunagaran
1757-1945
Diganti déning:
Dhaérah Istiméwa Surakarta


Katerangan liyané Krajan ing Jawa ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads