Kronos

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Kronos (Grikenlan: Κρόνος, Krónos) ya iku siji Titan ana ing mitologi Yunani.[1] Dhèwèké iku pemimpin kang paling enom ing antarané Titan génerasi pisanan.[1] Kronos ya iku putra saka Uranus (langit) lan Gaia (bumi).[1] Kronos ngalahake bapake kang mènèhi prentah donya ana ing Zaman Emas nganti tekan dhèwèké dikudeta déning anaké dhéwé.[1] Dhèwèké banjur dikurung ana ing Tartaros.[1] Kronos racaké digambarke karo sabit, kang digunakaké nalika dhèwèké ngalahaké bapaké, Uranua.[2] Ana ing kutha Athena, nalika tanggal 12 ing sasi Hekatombaion, dianakake siji festival kanggo Kronos kang dijenengi Kronia.[2] Festival iki minangka panenan, lan ana indikasine yèn Kronos dianggep dadi déwa pelindhung panen.[2] Iki dinuga amarga asosiasine karo jaman Emas.[2] Ana ing mitologi Romawi, Kronos dikenal kanthi jeneng déwa Saturnus.[2]

Remove ads

Ing mitologi

Thumb
Kronos mengebiri Uranus, lukisan karya Giorgio Vasari.

Ing mitos kuna, kaya kang wis kacathet ana ing Theogonia karya Hesiodos, Uranus ngurung para Kiklops lan Hekatonkhire (bocah-bocah Gaia) ing Tartaros.[2] Gaia ngamuk amarga kelakuane bojone.[2] Gaia terus gawé arit watu lan ngumpulke para Titan kanggo ngujuk-ngujuki supaya mengebiri Uranus.[2]

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads