Méga
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Méga utawa endung yaiku kempalan tétésan banyu utawa kristal-kristal és ing atmosfér.[1] Méga iku kabèntuk saka uwab banyu kang ngluwihi kahanan kabongé (keadaan jenuh).[1]
Prosès Dadiné Méga
Panasé srengéngé utawa srengéngé kang terus-terusan nyorot bumi lan laut ndadékaké partikel-partikel banyu kaangkat ing langit.[2] Partikel kang karan aérosol bakal nangkep banyu kang sabanjuré mbentuk titik-titik banyu.[2] Aérosol banjur munggah maring ''atmosfér''.[2] Yèn jumlah kang kaangkat iku gedhé, partikel-partikel banyu bakal ngalami pendinginan banjur dadi embun.[2] Kumpulan titik-titk saka uwab banyu ing udara kang ngembun iku mau bakal katon dadi méga. Saya akèh embun, saya gedhé méga kang dumadi.[2]
Remove ads
Wujud Méga
Wujud méga manut dhuwuré, yaiku dipérang dadi cendhék, sedhengan, dhuwur, lan vértikal.[1]
Méga kang cendhék ana telu jinisé yaiku:
- Stratus
- Nimbostratus,
- Stratokumulus.
Méga kang dhuwuré sedhengan ana loro, yaiku:
- Altostratus
- Altokumulus.
Méga kang paling dhuwur ana telu jinisé, yaiku:
- Sirus
- Sirostratus,
- Sirokumulus.
Déné méga kang vértikal ana rong jinis, yaiku:
- Kumulus
- Kumulonimbus.
Wujudé méga ora mung kadayan déning dhuwuré utawa cendhéké méga, nanging angin uga bisa mempengaruhi.[3] Saliyané iku méga uga dibédakaké manut suhu lingkungan fisik atmosfer.[2] Manut suhu lingkungan fisik atmosfer méga dipérang dadi loro yaiku méga atis/adhem karo méga anget.[2] Méga atis/adhem iku méga kang ana ing lingkungan atmosfer kang suhuné ana ing sangisoré titik beku (< 0 °C) déné méga anget iku méga kang ana ing lingkungan ''atmosfer'' kang suhuné ana ing sadhuwuré titik beku (> 0 °C).[2]
Remove ads
Sesambungané Méga lan Cuaca
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads