Munawir Sjadzali
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Prof. Dr. H. Munawir Sjadzali (lair ing Klatén, Jawa Tengah, 7 Novèmber 1925 – pati ing Jakarta, 23 Juli 2004 ing umur 78 taun) inggih punika Mantri Agami Républik Indonésia ing Kabinet Pembangunan.[1][2] Panjenenganipun kalebet Ketua Komisi Hak Asasi Manungsa kapisan ing Indonésia.[1] Sasampunipun lulus SMP, panjenenganipun nglajengaken dhateng Pesantrén Mambaul Ulum lan Sekolah Tinggi Mambaul Ulum ing Sala ngantos lulus ing taun 1943.[1] Salajengipun panjenenganipun mucal ing SD Islam Gunungjati, Ungaran, taun 1944 ngantos dumugi wekdal revormasi kamardikan panjenenganipun ndhèrèk parjuangan kamardikan minangka perwira penghubung antawisipun Markas Pertempuran Jawa Tengah ing Salatiga lan Badhan Kelaskaran Islam.[1]
Salajengipun Munawir pikatuk padamelan minangka staf Séksi Arab Dhepartemen Mancanegari (1950). Panjenenganipun mendhet kursus dhiplomatik lan konsulér sarta sinau ngèlmu pulitik lan gayutan internasional ing Inggris.[1] Salajengipun Munawir njabat dados Atase/Sekretaris III Kadutaan Ageng Indonésia ing Washington D. C., Amérikah Sarékat (1956-1959).[1] Nalika wekdal samanten panjenenganipun ugi sekaliyan sekolah malih ing Universitas Georgetown, Amérikah Sarékat ngantos pikantuk ijazah Master of Art ing babagan Filsafat Pulitik kanthi tesis "Indonésia’s Moslem Parties and Their Political Concepts" (1959).[1] Salajengipun panjenenganipun njabat dados Kepala Pérangan Amérika Ler, Dhepartemen Mancanegari (1959-1993).[1]
Panjenenganipun sampun tilar donya ing Griya Sakit Pondok Indah, Jakarta, nalikat tanggal 23 juli 2004 lan dipunmakamaken ing sasana layon Kulawarga Giritama, Bogor, Jawa Kilèn.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads