Namibia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Républik Namibia iku nagara ing Afrika pérangan kulon-lor, ing pasisir Atlantik. Negeri iki wewatesan karo Angola lan Zambia ing sisih lor, Botswana ing sisih wétan, lan Afrika Kidul ing sisih kidul. Namibia mardika saka Afrika Kidul taun 1990 saéngga dadi salah siji nagara paling enom ing donya. Kutha krajané yaiku Windhoek.
Namibia kapérang dadi 13 wewengkon: Caprivi, Erongo, Hardap, Karas, Kavango, Khomas, Kunene, Ohangwena,Omaheke, Omusati, Oshana, Oshikoto, lan Otjozondjupa.
Remove ads
Sajarah
Jeneng nagara iki njupuk saka jeneng sagara wedhi Ara-ara Namib, sing dianggep sagara wedhi tuwa dhéwé ing donya.[1] Sadurungé kamardikan ing taun 1990, tlatah iki ditepungi minangka Afrika Kidul-kulon Jerman (Deutsch-Südwestafrika), banjur Afrika Kidul-kulon, nuduhaké panjajahan kolonial Jerman (kanthi tèknis makili Kakaisaran Inggris).
Dhémografi
Watara 75% rakyat Namibia manggon ana ing padésan lan 25% manggon ing laladan urban utawa ing kutha.[2] Ètnis kulit ireng ana 90% populasi lan wong kulit putih sakiwa-tengené 7%.[2] Golongan masarakat kulit ireng Namibia kapérang dadi pirang-pirang golongan ètnis. Populasi kang gedhé dhéwé yaiku suku Ovambo.[2] Suku Ovambo duwèni persèntase ngancik separo populasi Namibia.[2] Wong-wong mau manggon ing pérangan lor, cedhak tapel wates karo Angola kang diarani Ovamboland utawa Ovambo.[3] Suku-suku kang manggon ing laladan lor liyané yaiku Kavango, kang manggon ana ing panggonan saubengé Kali Okavango.[3] Suku Caprivi manggon ing sisih wétan.[3] Déné suku Damara lan Herero manggon ing tlatah sisih tengah Namibia.[3] Suku Bushmen (San) lan Tswana manggon ing laladan tapel wates sisih wétan.[3] Rong golongan masarakat kang campuran diarani Suku Baster lan Suku Nama manggon ing sisih kidul.[3] Wong kulit putih Namibia yaiku wong saka Afrika Kidul yaiku ètnis keturunan Walanda, Inggris lan Jerman.[3]
Remove ads
Rujukan
Deleng uga
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads