Neil Armstrong

From Wikipedia, the free encyclopedia

Neil Armstrong
Remove ads

Neil Alden Armstrong (lair ing Ohio, Amérikah Sarékat, 5 Agustus 1930  pati 25 Agustus 2012 ing umur 82 taun) ya iku astronot, juru anggegana uji coba, tèknisi pamaburan, profésor universitas, lan Pamabur Laut Amérikah Sarékat. Panjenengané minangka wong kapisan sing lumaku ing rembulan. Sadurungé dadi astronot, Armstrong iku perwira Angkatan Laut Amérikah Sarékat lan tau dhines ing Perang Koréa. Sawisé perang, panjenengané dadi juru anggegana uji coba ing Stasiun Pamaburan Kacepetan Dhuwur Komite Penasihat Pamaburan Nasional, saiki Pusat Panlitèn Pamaburan Dryden, papan panjenengané nyathetaké mèh 900 pamaburan. Panjenengané lulus saka Univèrsitas Purdue lan ngrampungaké sekolah sarjanané ing Univèrsitas California Kidul.

Sunyata Rikat Astronot NASA, Nami sanès ...

Minangka peserta program pamaburan antariksa manungsa Man In Space Soonest Angkatan Udara Amérikah Sarékat lan X-20 Dyna-Soar, Armstrong gabung karo Korps Astronot NASA taun 1962. Pamaburan antariksa sing kapisan ya iku misi Gemini 8 NASA taun 1966, sing wektu iku panjenengané dadi juru anggegana komandhoné lan dadi warga nagara A.S. kapisan ing njaba akasa. Ing misi iki, panjenengané nglakokaké mekanisme prapatan lan pelabuhan wahana antariksa rong wahana antariksa sing ngawak kapisan bareng juru anggegana David Scott.

Pamaburan antariksa kaloro lan pungkasan Armstrong ya iku minangka komandhan misi mudhunaké rembulan Apollo 11 sasi Juli 1969. Ing misi iki, Armstrong lan Buzz Aldrin mudhun ing lumahing rembulan lan ngentèkaké 2½ jam njlajahi rembulan, sawatara Michael Collins tetep ing orbit njero Modul Komando. Armstrong dihadhiahi Medhali Kabébasan Présidhèn déning Présidhèn Richard Nixon bareng Collins lan Aldrin, Medhali Pakurmatan Antariksa Konggrès déning Présidhèn Jimmy Carter taun 1978, lan Medhali Emas Konggrès taun 2009.

Nalika tanggal 25 Agustus 2012, Armstrong tilar donya ing Cincinnati, Ohio,[1] ing umur 82 taun amarga komplikasi saka panyumpelan sirkulasi koronèr.

Remove ads

Taun-taun kapisan

Neil Armstrong lair tanggal 5 Agustus 1930[2] ing Wapakoneta, Ohio, saka pasangan Stephen Koenig Armstrong lan Viola Louise Engel.[3][4] Panjenengané minangka keturunan Sekotlan lan Jerman, lan duwé adhi loro, June lan Dean. Stephen Armstrong makarya minangka auditor[5] kanggo pamaréntah praja Ohio, lan kulawargané pindhah-pindhah ing 20 kutha ing Ohio ing 15 taun kapisan sawisé kalairan Armstrong. Kasenenngané kanggo mabur lan ngrembaka ing mangsa iku, wiwit nalika bapaké nggawa Neil sing isih umuré 2 taun ing Cleveland Air Races. Nalika tanggal 20 Juli 1936, nalika umur 6 taun, Armstrong ngrasakaké mabur sing kapisan nganggo montor mabur Ford Trimotor sing diarani "Tin Goose" bareng bapaké ing Warren, Ohio.[6]

Remove ads

Uga delengen

  • Pratélan kacilakan lan insidhèn pamaburan njaba akasa
  • Pusat kendhali misi
  • Proyèk Mercury
  • Program wahana antariksa

Cathetan sikil

Wacan

Wacan terusan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads