Nugroho Notosusanto
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Prof. Dr. Nugroho Notosusanto (lair ing Rembang, Jawa Tengah, 15 Juli 1930 – pati ing Jakarta, 3 Juni 1985 ing umur 54 taun) inggih punika Mantri Panggulawenthah lan Budaya Indonésia nalika wekdal Kabinét Pembangunan IV (1983-1985).[1] Sadèrèngipun punika, panjenenganipun ugi naté najabat dados Rektor Universitas Indonésia (1982-1983). Panjenenganipun ngadhahi kariér ing jagad militér lan pendidikan.[1] Sasanèsipun punika, panjenenganipun ugi kawentar minangka sastrawan.[2]
Nugroho Notosusanto nalika mangsa revolusi ndhèrèk nggabung ing Badan Keamanan Rakyat (BKR) lan Tentara Pelajar (TP) Brigade 17.[1] Sasampunipun lulus Fakultas Sastra Universitas Indonésia (UI), panjenenganipun dados dhosèn lan nyinaoni sajarah ing Universitas London, Inggris.[1] Panjenenganipun pikantuk gelar dhoktor saking UI kanthi Tesis The Peta Army during the Japanese Occupation, 1977.[1] Sadèrèngipun punika Nugroho bjabat dados Kepala Pusat Sajarah Militer ABRI, kanthi pangkat tituler brigadir jenderal lan panjenenganipun ugi mucal ing Lemhanas lan Sesko ABRI.[1] Panjenenganipun ugi dados anggota Dhéwan Badan Pertimbangan Perintis Kemerdekaan.[1] Nalika njabat dados Mantri Pendidikan dan Kebudayaan, Nugroho nyetusaken sistem nampi mahasiswa boten mawi tés.[1] Kurikulum 1975 miturut pamanggih panjenenganipun kathah materinipun.[1] Panjenenganipun ngawontenaken kurikulum inti lan pilian.[1]
Nugroho Notosusanto tilar donya nalika dinten Senin, 13 Juni 1985 ing Jakarta.[2] Amargi lelabetanipun ingkang kathah, panjenenganipun pikantuk maéka warni bebingah kados Bintang Dharma, Bintang Yudha, Bintang Satya Lencana Perang Kemerdekaan I lan II, Bintang Mahaputra Adi Perdana.[2]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads