Ode to My Father

From Wikipedia, the free encyclopedia

Ode to My Father
Remove ads

Ode to My Father (Hangul: 국제시장; RR: Gukjesijang; lit. "Gukje (Internasional) Pasar") inggih punika film drama saking Koréa Kidul ingkang dipundamel taun 2014. Film punika dipunsutradarani Yoon Je-kyoon, dhedhasar skénario anggitanipun Park Su-jin.[3][4] Ingkang maragani film punika Hwang Jung-min lan Yunjin Kim. Ode to My Father nyariyosaken sujarah modèren Koréa saking taun 1950-an dumugi sapunika, miyos kadadéan ingkang mèmper kaliyan tragèdhi Evakuasi Hungnam taun 1950 nalika Perang Koréa, kaputusan pamaréntah ngintun juru rawat lan tukang tambang dhumateng Jerman ing taun 1960-an, lan Perang Vietnam.[5] Saat ini Ode to My Father kasil ngancik urutan kaping pindho, film sujarah paling laris ing biyoskup Koréa, kanthi nyadé 14,2 yuta lembar karcis.

Sunyata Rikat Hangul, Hanja ...
Remove ads

Ingkang maragani

  • Hwang Jung-min minangka Yoon Deok-soo
  • Yunjin Kim Young-ja
  • Oh Dal-su minangka Dal-goo
  • Jung Jin-young minangka Deok-soo ayah
  • Jang Young-nam minangka Deok-soo ibu
  • Ra Mi-ran minangka Deok-soo ayah bibi
  • Kim Seul-gie minangka Kkeut-soon
  • Lee Hyun Seung-gyu
  • Kim Min-jae minangka Yoon-joo
  • Tae-ho minangka Yoon Gi-joo
  • Hwang Seon-hwa minangka Yoon Seon-joo
  • Uhm Ji-seong minangka young Deok-soo
  • Jang Dae-woong minangka young Dal-goo
  • Shin Rin-ah minangka young Mak-soon
  • Lee Ye-eun minangka Yoon Seo-yeon
  • Choi Jae-sub korea penambang 1
  • Jung Young-ki seperti korea miner 2
  • Yoo Jung-ho korea miner 3
  • Maeng Se-chang korea penambang 4
  • Hong Seok-yeon minangka Deok-soo paman
  • Stella Choe Kim minangka Mak-soon Yoon
  • Go Yoon Hyun minangka Bong-hak
  • Nam Jin-bok minangka Chung Ju-yung
  • Park Seon-woong minangka Kim André
  • Hwang In-joon minangka Penyiar Kim Dong-geon
  • Park Young-seo minangka Présidhèn organisasi nem-neman
  • Jung Yun-ho minangka Nam Jin
Remove ads

Latar wingking

Pamundhutan kanggé film Ode to My Father dipuncakaken tanggal 3 Sèptember dumugi 25 Désèmber 2013 wonten ing Busan, ingkang naté dipun-ginakaken déning sutradara Yoon Je-kyoon mundhut gambar kanggé film Miracle on 1st Street (2007) lan Busan (2009).[6][7][8][9]

Filem punika dipunbabar kanggé sagung pamirsa Koréa Kidul tanggal 17 Désèmber 2014 lan kasil mancik ing urutan paling inggil wonten box office, dipunrawuhi 1,5 yuta pamiarsa, salaminipun gangsal dinten kapisan, lan kasil ngempalaken arta ₩1.5 yuta.[10][11] Sinaosa ngadhepi wontenipun filem-filem sanèsipun, film punika, ing gangsal peken, tetep wonten urutan paling inggl.[12] Tanggal 13 Januari 2015, kacathet, 10,001,709 karcis kasadé, saéngga mlebet urutan kasewelas ingkang kasil mancik cacah pamirsa 10 yuta wonten sujarah film nagari Koréa.[13][14][15][16][17][2]

Ode to My Father ugi naté kababar wonten ing adicara Panorama, pahargyan Festival Film Internasional Berlin kaping 65 ing wulan Fèbruari 2015, lan dipunpirsani déning kalih dasa ètnis imigran Koréa ingkang menangi kadadéan ingkang kacariyosaken wonten ing filem punika.

Remove ads

Bebungah lan nominasi

Katerangan liyané Taun, Pahargyan ...
Remove ads

Rujukan

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads