Olimpiade Musim Panas 2012
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Olimpiade Mangsa Panas 2012, kanthi resmi duwé aran Games of the XXX Olympiad utawa Olimpiade London 2012, ditindakaké ing London, Inggris, Karajan Manunggal wiwit tanggal 27 Juli nganti 12 Agustus 2012.[1] London bakal dadi kutha pisanan kang kanthi resmi nganakaké Olimpiade modhèren nganti kaping telui,[2][3] sawisé taun 1908 lan 1948.[4][5]
Artikel iki ndokumentasèkaké pertandingan olahraga sing isih lumaku. Informasi bisa owah sawektu-wektu. |
![]() | |
Slogan | Inspire a Generation |
Gunggung negara peserta | {{{negara}}} |
Gunggung atlèt | 10.500 (pangira-ira) |
Gunggung pertandingan | 302 dalam 26 cabang ulah raga |
Pambukaan | 27 Juli 2012 |
Panutupan | 12 Agustus 2012 |
Diresmèkaké déning | Ratu Elizabeth II |
Janji Atlèt | Sarah Stevenson |
Janji Wasit | Mik Basi |
Panggawa obor | Callum Airlie Jordan Duckitt Desiree Henry Katie Kirk Cameron MacRitchie Aidan Reynolds Adelle Tracey |
Stadion | Stadion Olimpiade |
London kapilih minangka kutha penyelenggara ing tanggal 6 Juli 2005 ing Patemon IOC angka 117 ing Singapura, ngalahaké Moskwa, New York City, Madrid, lan Paris sawisé patang puteran pamungutan swara.[6] Pengundian London iki dipanggedhèni déning mantan juwara Olimpiade Sebastian Coe.
Olimpiade iki nyurung ditindakaké pangyasa ulang sawatara laladan ing London papan dianakaké tetandhingan kanthi téma kasinambungan lingkungan.[7] Sanadyan pertimbangan anggaran nampa kritik,[8][9] Olimpiade iki bakal mupangataké gelanggang ulah raga kang wis diyasa sadurungé undian, kalebu Wembley Stadium, Wembley Arena, Wimbledon All England Club, Lord's Cricket Ground, The O2 Arena, Earls Court Exhibition Centre, Weymouth and Portland National Sailing Academy, lan Excel Centre.
Remove ads
Prosès pengundian

Sawisé wates wektu pencalonan ing tanggal 15 Juli 2003, sangang kutha wis nyalon supaya bisa nganakaké Olimpiade 2012. Kutha-kutha mau ya iku Havana, Istanbul, Leipzig, London, Madrid, Moskwa, New York City, Paris, lan Rio de Janeiro.[10]
Ing 18 Mèi 2004, Komite Olimpiade Internasional (IOC), minangka asil penilaian tèknis, ngurangi gunggung kutha kandidat dadi lima: London, Madrid, Moskwa, New York, lan Paris.[11]
Ing 19 November 2004, kalima kutha kandidat wis ngirimaké gambar pencalonané menyang Komite Olimpiade Internasional. Tim penilai IOC ngunjungi limang kutha kandidat ing Fèbruari lan Maret 2005. Pencalonan Paris ngalami loro hambatan sajeroning kunjungan inspeksi IOC: serangkaian haruhara lan dhémonstrasi kang bebarengan karo kunjungan IOC lan lapuran yèn Guy Drut, salah siji anggota wigati tim pencalonan Paris lan anggota IOC, bakal diadili awit didakwa korupsi kauangan parté pulitik.[12]
Ing 6 Juni 2005, Komite Olimpiade Internasional ngrilis lapuran penilaian kalima kutha kandidat mau. Sanadyan lapuran mau ora isi skor utawa peringkat, lapuran penilaian supaya Paris dianggep kang paling positif, diiloni London kang nyiutak celah ing penilaian awal taun 2004 marang Paris. New York lan Madrid uga olèh lapuran penilaian kang positip banget.[13]
Sadawaning prosès nganti pamungutan swara ing Patemon IOC angka 117, Paris diarep menangaké nominasi iki, mligi amarga pencalonané ku kang katelu sajeroning Olimpiade sajarah modhèren. Wiwitané, London katon kecècèr saka Paris kanthi béda kang wajar; nanging, selisih iki tansaya tipis sawisé penunjukan Sebastian Coe minangka kepala London 2012 kang anyar ing 19 Mèi 2004, sawatara lapuran muncul kang mrédhiksi yèn London lan Paris sèri ing pencalonan 2012.[14] Ing puteran pungkasan Patemon IOC angka 117, London lan Paris katon silih lomba ngumpulaké swara. Ing tanggal 1 Juli 2005, Jacques Rogge, nalika ditakoni kira-kira sapa pemenangé, njawab marang pèrs: "Aku ora bisa mredhiksi amarga aku ora ngerti kepriyé cara anggota-anggota IOC mungut swara. Nanging aku ngrasa gunggung béda swarané bakal tipis banget. Manawa bedané sepuluh swara, utawa kurang".[15]
Ing 6 Juli 2005, selèksi pungkasan diumumaké ing Raffles City Convention Centre, Singapura, papan dianakaké Patemon IOC angka 117. Nayakotama Karajan Manunggal Tony Blair ya iku siji-sijiné pamimpin saka kalima nagara kutha kandidat kang ngayahi lobi pribadi (uga siji-sijiné punggawa dhuwur kang ngrawuhi Olimpiade 2004).[16] Moskwa ya iku kutha pisanan kang dicoret, diikuti New York lan Madrid. Loro kutha pungkasan kang sisa ya iku London lan Paris. Ing pungkasan pamungutan swara puteran kapapat, London menangaké hak penyelenggaraan Olimpiade 2012 kanthi 54 swara, ngalahaké Paris kanthi 50 swara.[17] Manéka layang kabar Prancis nyalahaké kalah Paris ing tetélan Présidhèn Prancis Jacques Chirac sadurungé pamungutan swara yèn "Kita ora bisa percaya marang wong-wong [Karajan Manunggal] kang panganané ala. Sawisé Finlan, ya iku nagara kang panganané paling ala."[18] Loro anggota Komite Olimpiade Internasional wektu iki asal saka Finlan. Sawetara sumber warta liya ngutip sesambat Bertrand Delanoë ngenani patemon tengah wengi sesidheman antara Tony Blair karo sawatara perwakilan IOC (saka Afrika) amarga duwé prabawa kuwat ing pamungutan swara pungkasan.[19] Nalika nglaporaké kamenangan London, médhia Karajan Manunggal ngliput swasana wong-wong ing Prancis lan Karajan Manunggal (lan kutha kandidat liya), lan mbandhingaké réaksiné ing London lan réaksi ing Paris kang ngarep-arep Prancis menang.[20][21][22] Sayangnya, selebrasi ing London ora berlangsung suwé nalika sistem transportasi London diserang déning teroris kurang saka 24 jam sawisé pengumuman mau.[23]
Ing sasi Dhésèmber 2005, Alex Gilady, punggawa senior IOC, ndakwa London menangaké hak penyelenggaraan Olimpiade amarga kesalahan pamungutan swara. Sawijining juru wicara London 2012 mbantah sinambi celathu, "Ing wusanané, kothak swara mau isih dirahasiakaké. Iki opini wog siji. Asilé luwih wigati lan kita ora gelem mèlu spékulasi mau."[24]
Nagara peserta

300+ 100+ 30+ 10+ 5+ 1+
Atlet saka 204 NOC bakal mèlu. Komite Olimpiade Antillen Walanda, kang duwé encana supaya terus operasi sawisé pembubaran Antillen Walanda, dicabut kaanggotaané déning Komite Eksekutif IOC ing patemon IOC Juni 2011. Nanging, atlet Antillen Walanda kang duwé kualifikasi Olimpiade 2012 bakal mèlu kanthi independen ing sangisoré gendéra Olimpiade.[25] Ing ngisor iki NOC kang duwé saora-orané siji atlèt kualifikasi. Ing tanggal 26 November 2011, 144 nagara duwé saora-orané siji atèet kualifikasi.
|
|
|
Ulah raga
Program Olimpiade Mangsa Panas Taun 2012 duwé 26 ulah raga lan 39 disiplin èlmu:
|
|
|
|
Perolehan medhali
Sepuluh besar:
1 | ![]() | 17 | 9 | 4 | 30 |
2 | ![]() | 12 | 8 | 9 | 29 |
3 | ![]() | 6 | 2 | 4 | 12 |
4 | ![]() | 5 | 3 | 5 | 13 |
5 | ![]() | 4 | 0 | 1 | 5 |
6 | ![]() | 3 | 8 | 2 | 13 |
7 | ![]() | 3 | 4 | 2 | 9 |
8 | ![]() | 3 | 0 | 0 | 3 |
9 | ![]() | 2 | 4 | 11 | 17 |
10 | ![]() | 2 | 4 | 5 | 11 |
... | |||||
27 | ![]() | 0 | 1 | 1 | 2 |
Catatan: Tabel iki mencerminkan gunggung medhali kang akurat per tanggal 2 Agustus 2012.
Remove ads
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads