Rafael van der Vaart
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Rafael van der Vaart iku sawijining juru main bal-balan saka Walanda.[1] Rafael van der Vaart lair 11 Fèbruari 1983.[1] Rafael van der Vaart jebolan saka Ajax Amsterdam lan nglakokke debut sepisanan ning ndunya profésional ning klub taun 1999-2000 pas duwé umur 17 taun.[2] Karir dadi juru main bal akèh kahanane amarga Rafael van der Vaart kerep banget cidera saéngga kerep kelangan panggon ning tim.[1] Rata-rata maene namung 23 ing wektu lima mangsa ning Ajax Amsterdam.[3] Taun 2005 Van der Vaart pindah ning klub bundesliga ning Hamburg FC amarga ana selisih pangerten antarané Rafael van der Vaart karo pelatihe Ajax Ronald Koeman .[4] Van der Vaart sangare saka penampilan impresif banget bisa ngloloske Hamburg ning Liga Éropa sarta dadi kapten.[1] Karir Van der Vaart terus munggah mula ing taun 2008 di kontrak karo Real Madrid.[1] Nanging ning klub anyare iki Van der Vaart kurang bisa intok panggon ning skuad Real Madrid amarga saking akèhé stok juru main bal ning kana.[1] Mula pas taun 2010 sakbubare Piala Dunia 2010 pindah menyang Totenham Hostpur.[5] Papan panggonan Van der Vaart pas maen bal-balan ya iku dadi penyerang utawa glandhang, namung kelemahane Van der Vaart ora bisa konsisten maene.[1] Panghargyan sing paling dhuwur ya iku the best young player of the year ing taun 2003.[1]
Remove ads
Jroning Angka
Klub
Nagara
Gol Internasional
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads