Bangkok

From Wikipedia, the free encyclopedia

Bangkok
Remove ads

Bangkok (basa Thailand: กรุงเทพฯ, กรุงเทพมหานคร, utawa Krung Thep, Krung Thep Maha Nakhon)(Ngenani wuni iki กรุงเทพมหานคร ) iku kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé ing Thailand. Kutha iki dumunung ing gisik kulon Kali Chao Phraya, cedhak Lempongan Thailand.

Sunyata Rikat Dibentuk, Dibentuk dadi kutha krajan ...

Bangkok iku kutha kanthi perkembangan paling pesat, kanthi ékonomi kang dinamis lan kemasyarakatan kang progresif ing Asia Kidul-wétan. Kutha iki isih ngembang dadi punjer regional kang bisa nyaingi Singapura lan Hong Kong, nanging isih duwé masalah sajeroning sèktor infrastruktur lan sosial minangka akibat perkembangané kang pesat. Bangkok wis suwé dadi gerbang lumebu tumrap penanam modal manca kang péngin golèk pasar anyar ing Asia. Kutha iki uga kacathet minangka salah siji kutha ing donya kanthi laju penambahan konstruksi gedhong pencakar langit paling rikat. Sugih situs-situs budaya agawé Bangkok minangka salah siji tujuwan wisata paling populèr ing donya.

Provinsi Bangkok wewatesan karo enem provinsi liya: Nonthaburi, Pathum Thani, Chachoengsao, Samut Prakan, Samut Sakhon lan Nakhon Pathom.

Remove ads

Sajarah

Kutha Bangkok (Ngenani wuni iki บางกอก ) biyèn wujud sawijining punjer dagang cilik lan palabuhan ing gisik Kulon kali Chao Phraya nglayani Krajan Ayuthhaya, perintis Thailand modhèren kang jaya wiwit taun 1350 nganti 1767. Ana kaprecayan yèn jeneng Bangkok asal saka Bang Makok, Bang sebutan sajeroning basa Thailand pérangan Tengah kanggo kutha utawa désa kang berlokasi ing tepian kali, lan Makok (มะกอก) iku jeneng sajeroning basa Thailand tumrap Spondias pinnata, Spondias mombin utawa Elaeocarpus hygrophilus (tuwuhan kang ngasilaké woh kaya woh olive), utawa Bang Koh, Koh tegesé "pulo", tegesé sawijining wewengkon kang kaukir déning kali-kali lan kanal-kanal.

Sawisé runtuh Ayutthaya déning Krajan Burma ing taun 1767, ratu anyar, Raja Taksin ngadegaké kutha krajan anyar, Thonburi, ing wewengkon kang saiki minangka péranganing kutha Bangkok. Nalika mangsa papréntahan Taksin rampung ing taun 1782, Raja Buda Yodfa Chulaloke yasa manèh kutha krajan ing sisih wétan kali lan maringi jeneng resmi upacara (ceremonial name) Krung Thep Mahanakhon Amon Rattanakosin Mahinthara Yuthaya Mahadilok Phop Noppharat Ratchathani Burirom Udomratchaniwet Mahasathan Amon Piman Awatan Sathit Sakkathattiya Witsanukam Prasit lan banjur dicekak dadi jeneng resmi saiki, Krung Thep Maha Nakhon. Nanging, kutha anyar mau uga mèlu nampa jeneng Bangkok, kang terus dipigunakaké déning wong-wong manca kanggo nunjuk marang kabèh wewengkon kutha lan dadi jeneng resmi sajeroning Basa Inggris, déné sajeroning Basa Thailand jeneng Bangkok tetep mung nuduhaké kutha tuwa ing pinggir kulon kali. Kutha mau wiwit wektu iku wis dimodhèrnaké lan ngalami akèh owah-owahan, kalebu pangenalan transportasi lan infrastruktur ing mangsa papréntahan Raja Mongkut lan Raja Chulalongkorn, lan banjur dadi punjer perékonomian Thailand.

Remove ads

Jeneng pepak

Jeneng pepak resmi Kutha Bangkok (jeneng pemberian) kang diparingaké déning Raja Buda Yodfa Chulaloke, lan banjur diralat déning Raja Mongkut, iku Krung Thep Mahanakhon Amon Rattanakosin Mahinthara Yuthaya Mahadilok Phop Noppharat Ratchathani Burirom Udomratchaniwet Mahasathan Amon Piman Awatan Sathit Sakkathattiya Witsanukam Prasit (กรุงเทพมหานคร อมรรัตนโกสินทร์ มหินทรายุธยามหาดิลกภพ นพรัตน์ราชธานี บุรีรมย์อุดมราชนิเวศน์มหาสถาน อมรพิมานอวตารสถิต สักกะทัตติยะวิษณุกรรมประสิทธิ์, Ngenani wuni iki listen ). Jeneng iki dumadi saka kombinasi rong basa kuna India, Pali lan Sansekerta. Sawisé romanisasi basa iki, jeneng mau pranyata kuduné ditulis Krung-dēvamahānagara amararatanakosindra mahindrayudhyā mahātilakabhava navaratanarājadhānī purīrāmasya utamarājanivēsana mahāsthāna amaravimāna avatārasthitya shakrasdattiya vishnukarmaprasiddhi, kang tegesé "Kutha malaékat, kutha gedhé, kutha inten abadi, kutha Déwa Indra kang ora goyah, kutha krajan agung donya kang dikaruniai sanga watu permata aji, kutha kabagjan, kanthi Pura Krajan kang gedhé banget kang mèmper swarga ing ngendi papréntahan iku minangka reinkarnasi déwa-déwa, sawijining kutha kang diparingaké déning Indra lan diyasa déning Wisnu".

Sekolah-sekolah lokal miwulangaké jeneng pepak kutha iki, sanadyan mung sethithik kang bisa njelasaké tegesé amarga akèh tembung kuna lan saiki wis ora dianggo manèh sajeroning basa lésan, uga ora diweruhi déning wong biyasa. Akèh-akèhé wong Thailand kang éling jeneng dawa kutha iki saka panggunaan jeneng mau sajeroning sawijining lagu populèr Krung Thep Mahanakhon (1989) déning Asanee-Wasan Chotikul lan kerep disebutaké sinambi nembangaké lagu iki bebarengan.

Jeneng pepak Bangkok wis kadhaptar sajeroning Guinness Book of Records minangka jeneng panggonan paling dawa ing donya.[1]

Remove ads

Géografi

Topografi lan Iklim

Sunyata Rikat Climate chart (panjlasan), Imperial conversion ...

Laladan administratif mirunggan Bangkok nyakup wewengkon kang jembaré 1.586,7 km², saéngga dadi provinsi gedhé dhéwé ka 68 ing Thailand. Sapérangan gedhé wewengkon mau dianggep péranganing kutha Bangkok, ndadèkaké Bangkok minangka salah siji kutha gedhé dhéwé ing donya. [butuh sitiran] Kali Chao Phraya, kang mbentang dawané 372 km, iku fitur géografis utama ing Bangkok. Lembah Kali Chao Phraya, wewengkon-wewengkon ing saubengé Bangkok, lan provinsi-provinsi paling cedhak madeg ing sadhuwuring lahan dhataran cendhèk lan delta-delta kali kang tumuju menyang Tanjung Bangkok watara 30 km ing sisih kidul punjer kutha. Kondhisi iki kang njalari anané sebutan “Venice saka Wétan” tumrap kutha Bangkok amarga akèh kanal-kanal lan saluran-saluran banyu kang mérang wewengkon kutha Bangkok dadi tanah cilik-cilik kang kapisah-pisah. Biyèn, kanal-kanal mau minangka tapel wates antara dhistrik siji karo dhistrik kang liyané.

Nanging, sairing karo tuwuhing kutha ing tengahan abad ka 20, pembagéan laladan dhedhasar kanal-kanal mau ditinggalaké lan sistem tapel wates anyar kang béda dicakaké. Bangkok dumunung watara rong mèter ing sadhuwuring lumahé sagara, kang njalari masalah banjir ing mangsa rendheng (monsoon). Kerep kadadéan sawisé udan deres, banyu kali lan kanal-kanal lubèr lan njalari banjir gedhé. Papréntahan Metropolitan Bangkok (BMA) saiki wis masang penghalang ing sadawaning kanal kanggo nyegah lubèran banyu saka kanal-kanal mau.

Bangkok duwé iklim monsoon tropis dhedhasar sistem klasifikasi iklim Koppen. Suhu rata-rata ing Bangkok wujud kang paling dhuwur ing donya [butuh sitiran]. Suhu rata-rata ing Bangkok iku watara 2 °C luwih dhuwur tinimbang kang disebutaké ing Papan Anggegana Don Muang sajeroning période taun 1960-1990. Suhu paling panas ya iku 40.8 °C lan suhu paling adhem 9.9 °C. Suhu paling adhem kacathet kadadéan ing sasi Januari 1924, Januari 1955, Januari 1974 lan Dhésèmber 1999. Ing sasi Dhésèmber 1999, suhu ing wanci awani mung nganti 22.3 °C. Udan badai (hailstorms) arang ana ing Bangkok, mung kacathet kadadéan sapisan sajeroning 50 taun pungkasan. Cithakan:Bangkok weatherbox

Thumb
Monumen Dhémokrasi Bangkok ing Pulo Rattanakosin, Salah siji wewengkon mawa sajarah ing Bangkok
Remove ads

Hubungan internasional

Kutha kembar

Bangkok duwé sawatara kutha kembar ya iku:

Remove ads

Gladri Gambar

Thumb
Kedutaan Besar Républik Indonésia ing Bangkok
Thumb
Concourse D Papan Anggegana Internasional Suvarnabhumi Bangkok
Thumb
Polusi ing Bangkok
Thumb
Bangkok Skytrain
Thumb
Wat Arun ing tepian kali Chao Phraya, Bangkok, Thailand.
Thumb
Siam Paragon-Bangkok, salah siji punjer perbelanjaan terbesar ing Asia.

Uga delengen

  • Papan Anggegana Internasional Bangkok

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads