Rendhang

panganan utawa lawuh kang lumrahé digawé saka daging sapi, asalé saka Minangkabau, Sumatra Barat, Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia

Rendhang
Remove ads

Rendhang (basa Minangkabau: randang; basa Indonésia: rendang) iku panganan utawa lawuh kang lumrahé digawé saka daging sapi. Rendhang iku asalé saka Sumatra Kulon lan laladan-laladan Malayu. Lumrahé rendhang dimasak nalika ana pepéstan utawa slametan. Saliyané daging sapi, rendhang uga migunakaké bahan klapa(karambia), lan campuran saka manéka bumbu kas Indonésia antarané lombok (lado), laos, seré, bawang lan bumbu liyané.

     
Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...
Thumb
Resep bumbu rendang

Rendhang duwé posisi dhuwur sajeroning budaya masarakat Minangkabau. Rendhang duwé makna filosofi musyawarah, saka 4 bahan pokok, yaiku:

  1. Dagiang (Daging Sapi), minangka lambang saka Niniak Mamak (para pamimpin Suku adat)
  2. Karambia (Klapa), minangka lambang Cadiak Pandai (Kaum Intelektual)
  3. Lado (Cabé), minangka lambang Alim Ulama kang pedhes, tegas ngajaraké syarak (agama)
  4. Pemasak (Bumbu), minangka lambang saka sakabèhé masarakat Minang.
Remove ads

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads