Rodrigo Moreno Machado
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Rodrigo Moreno Machado (pangucap cara Spanyol: [roˈðɾiɣo moˈɾeno maˈtʃaðo];lair tanggal 6 Maret 1991), sing dikenal kanthi jeneng Rodrigo, ya iku pamain bal-balan profesional Spanyol sing main kanggo Valencia CF minangka pemain sayap utawa striker.[1]
Dhèwèké miwiti kariré karo Real Madrid, mung kanggo tim cadangan. Ing taun 2010 dhèwèké éntuk kontrak karo Benfica, lan dhèwèké menang papat gelar, kaya ta trèbel domèstik ing mangsa 2013-14.[2]
Lair ing Brasil, Rodrigo mbéla timnas Spanyol ing tingkat nom-noman, lan ing 2013 dhèwèké menangaké Kajuwaran Eropa ing tim U-21. Ing taun sabanjuré, dhèwèké dipercaya lumebu timnas senior Spanyol.
Remove ads
Karir klub
Karir wiwitan
Dhèwèké lair ing Rio de Janeiro, Rodrigo pindhah menyang Spanyol nalika isih remaja, manggon ing Galicia lan miwiti main bal-balan sing diatur ing Celta de Vigo. Ing taun 2009, umur 18 taun, dhèwèké pindhah menyang Real Madrid kanggo ngrampungake pendidikan.[3]
Mung sawatara minggu sawisé teka, Rodrigo mulai main minangka senior karo tim C-. Sacepeté sawisé iku, dhèwèké diangkat dadi Real Madrid Castilla ing Segunda División B, debut ing tanggal 29 November 2009 kanthi kemenangan 4-3 kanggo UD Lanzarote (29 menit).
Remove ads
Pranala njaba
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads