Roger Danuarta
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Roger Danuarta (lair ing Jakarta, 20 Mèi 1982; umur 42 taun) ya iku juru main sinétron, bintang iklan, lan penyanyi Indonesia.[1] Roger Danuarta iku putra sulung saka penata rambut kondhang Johnny Danuarta.[1]
Remove ads
Sinetron Cinta Berkalang Noda iku karier pisanan Roger Danuarta ing tivi.[1] Bapaké kang dadi juru semangat supaya mèlu casting kanggo sinétron iku. Jhonny sregep ndaftarké putraé ing agensi model lan omah produksi.[1] Jhonny uga ndaftarké Roger Danuarta les nyanyi ing nggoné Chossy Pratama.[1]
Nganti saiki wis akè sinétron kang wis dimainké Roger Danuarta, antarané Siapa Takut Jatuh Cinta, Amanda, Yang Muda Yang Bercinta, Cewekku Jutek, Anakku Bukan Anakku, Ada Apa Denganmu (karo Alyssa Soebandono lan Dude Harlino), Sebatas Impian (karo Asty Ananta), Preman Kampus (karo Mieke Wijaya, Frans Tumbuan, Niken Octa Erwin Cortez, Zack Lee), Cinta Dalam Maut (karo Maya Septha, Andi Otniel, Dananjaya, Daud Radex) lan Galang. Pengorbanan Anggun (karo Marissa Christina lan Hikmal Abrar Prod (Genta Buana Paramita).[2]
Remove ads
Sinetron
- Cinta Berkalang Noda,
- Siapa Takut Jatuh Cinta,
- Yang Muda yang Bercinta,
- Amanda,
- Cewekku Jutek,
- Anakku Bukan Anakku,
- Ada apa Denganmu,
- Sebatas Impian,
- Preman Kampus,
- Cinta Dalam Maut,
- Galang,
- Pengorbanan Anggun.[2]
Sinematografi
- Dendam (2008),
- Macan Jalanan (2008),
- Gaulnya Anak Muda (2009),
- Penjaga Gunung Brama (2010).[2]
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads