Same Same but Different

From Wikipedia, the free encyclopedia

Same Same but Different
Remove ads

Same Same but Different inggih punika filem sakin Jerman ingkang kadamel taun 2009. Filem punika dipunsutrdharani déning Detlev Buck, dhedhasar skénario anggitanipun Ruth Thoma, Michael Ostrowski, lan Detlev Buck, dipunangkat saking autobiografi Benjamin Prüfer ingkang dipunbabar taun 2006 wonten salah satunggalipun artikel ing kalawarta,[1] lajeng kababar awujud novèl ing taun2007. Para juru paraga ingkang kadhapuk maragani filem punika antawisipun David Kross lan Apinya Sakuljaroensuk. Sesirah Same Same but Different kapundhut saking tembung ing basa Inggris-Asia, ingkang adatipun kaginakaken ing Thailand, sinaosa filem punika mundhut latar ing Kamboja.[2] Same Same but Different pikantuk pangurmatan ingkang dipun-giyaraken nalika pahargyan Locarno International Film Festival kaping-62, surya13 Agustus 2009.[3]

Sunyata Rikat Disutradarani, Diprodhuseri ...
Remove ads

Ringkesan

Benjamin (David Kross), salah satunggalipun murid ing sekolah manengah ing Jerman, nglampahi pangulandara. Nalika ing salah satunggalipun niteclub ing Phnom Penh, piyambakipun pinanggih kaliyan prawan saking mriku, namanipun Sreykeo (dipunpragani déning Apinya Sakuljaroensuk), lajeng nandang tresna dhumateng prawan punika. Benjamin saèstu tresna marang piyambakipun, sinaosa pungkasanipun Sreykeo punika ketaman sakit HIV lan patrapipun kados tiyang nakal. Filem punika dipunangkat saking lelakon gesangipun Sreykeo Sorvan lan Benjamin Prüfer.[4]

Remove ads

Ingkang maragani

  • David Kross - Ben
  • Apinya Sakuljaroensuk - Sreykeo
  • Wanda Badwal - Lilli
  • Stefan Konarske - Ed
  • Jens Harzer - Henry
  • Anne Müller - Claudia
  • Michael Ostrowski - Alex
  • Marie Jung - Regula
  • Lucile Charlemagne - Marie
  • Julia Primus - Vanessa
  • Constanze Becker - Sibylle
  • Olli Dittrich - Ben's father
  • Gilla Cremer - Ben's mother
  • Em Boun Nat - Sreykeo's father
  • Ok Sokha - Sreykeo's mother
  • Anatole Taubman - the hotel manager
Remove ads

Rujukan

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads