Samir Nasri
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Samir Nasri (lair ing Marseille, Prancis, 26 Juni 1987; umur 38 taun) inggih punika salah satunggalipun juru main bal-balan saking Prancis ingkang posisinipun minangka glandhang serang. Sapunika piyambakipun main ing Arsenal ing Inggris lan tim nasional Prancis.[1] Samparipun Nasri naté tugel lan mbetahaken wekdal ingkang dangu ing mangsa 2009-2010.[2] Nanging Nasri tetep saged ngedalaken kualitasipun sasampunipun cidera.[2] piyambakipun tetep dados juru main sentral ing lini tengah lan asring ugi main ing posisi wingkingipun striker. Nasri gadhah akselerasi, visi, lan imajinasi ingkang angèl dipuntebak déning mengsah-mengsahipun.[2] Nanging piyambakipun awon wonten ing posisi bèg lan grafik main bal ingkang boten stabil.[2]
Remove ads
Kariripun Samir Nasri
Klub
Saderengipun main ing Arsenal, Nasri main ing klub Marseille.[2] Nasri dipuntumbas saking Marseille ing taun 2008.[2] Samir nasri sampun main ing klub Arsenal ping 84 kanthi 18 gol.[3] Wonten ing mangsa kompetisi 2006-2007 ing liga 1 piyambakipun angsal kanugrahan minangka Young Player of the Year lan 12 wulan salajengipun nggabung kaliyan Arsenal kanthi regi £ 15 yuta.[2]
Internasional
Samir Nasri sampun main wonten ing pinten-pinten tataran umur Prancis, inggih punika: U-16 Prancis, U-17 Prancis, U-18 Prancis, U-19 Prancis, U-21 Prancis, dan Prancis.[2]
Sanésipun
Sapunika Samir Nasri manggèn ing Hampstead, London Ler. Piyambakipu gadhah pacar inggih punika salah juru main tenis saking Ruslan ingkang namanipun, Tatiana Golovin.
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads