Satrap
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Satrap iku lurahing wewengkon ing Kamaharajan Mādai, Kamaharajan Achaiménēs, lan sawenèh kamaharajan turuné, kaya ta Kamaharajan Ērānshahr saha kamaharajan-kamaharajan Yunani.
Tembung satrap uga sok kanggo ing saloka ing sastra Pèrsi anyar sing werdiné lurahing utawa panguluning nagara sing kadayan hégemoni nagara-nagara adikuwasa lan tumindak kaya déné wakilé nagara-nagara adikuwasa mau.[1]
Remove ads
Ètimologi
Tembung satrap iku turun lumantar tembung Latin satrapes saka tembung Yunani satrápēs (σατράπης). Asliné tembung iki dijupuk saka tembung Iran Kuna *xšaθra-pā/ă-.[2] Ing basa Pèrsi Kuna, ya iku basané asli wong-wong Achaiménēs, kacathet tembung xšaçapāvan (𐎧𐏁𐏂𐎱𐎠𐎺𐎠, mawa werdi literal "baureksaning wewengkon"). Ing basa Mādai, tembungé kasil dirékonstruksi dadi *xšaθrapāwan-.[3] Tembung iki kognat karo tembung Sangsekerta kshatrapam (क्षत्रपम्) utawa kshtrapa (saka tembung xšaça ("buwana" utawa "wewengkon") lan pāvan ("baureksa")), sing dadi asalé tembung "kshatriya".
Ing basa Parthia (basa sing kanggo ing Kamaharajan Parthia) kacathet tembung šahrab lan basa Pèrsi Tengahan (basa sing kanggo ing Kamaharajan Ērānshahr) kacathet tembung šasab.[4]
Ing basa Pèrsi anyar, turuning tembung xšaθrapāvan iku shahrbān (شهربان), nanging anasir-anasiré wis ngalami owah-owahan sémantik, mula tembungé saiki ateges "sing jaga kutha" (shahr [شهر] tegesé "kutha" + bān [بان] tegesé "sing jaga").
Remove ads
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads