Seolleongtang

From Wikipedia, the free encyclopedia

Seolleongtang
Remove ads

Seolleongtang ya iku jinising masakan Koréa kang digawé saka sup kaldu balung sapi kang wis digodhog.[1][2][3]

Sunyata Rikat Jeneng Koréa, Hangul ...

Sajarah

Nalika mangsa Dinasti Joseon (1392-1910), ya iku ing upacara ritual Sangsin ing wulan kaping pindho kalender lunar, raja bakal nindakaké penghormatan tumrap Shennong ing Seonnongdan supaya panene mundhak ing taun candhaké.[1] Ing ritual iki raja gawa beras, jewawut lan kéwan kurban kaya ta sapi lan babi.[1] Sawisé bubar nindakaké ritual rajabiyasane raja bakal lunga ing jeokjeon, ya iku kebun pura.[1] Ing jeokjeon raja akal mrintahake juru masak pura supaya mask-masak bahan-bahan mau, ya iku daging sapi kanggo gawé sup, lan daging babi kanggo gawé pyeonyuk.[1] Raja bakal ngundang wong tani-wong tani kang wis tuwa ya iku kang umuré saduwure 60 taun supaya tek ing acara mangan bengi.[1] Sega lan daging sapi dideleh ing ttukbaegi sawisé diwènèhi bumbu wujud bawang merah lan uyah.[1] Tembung seolleongtang asalé saka seonnongtang, amarga aktivitas raja sawisé nindakaké ritual ing kuil Seonnongdan.[1] Saya suwé pangucapane owah dadi seolleongtang.[1][2]

Nalika iku, seolleongtang lumrahé dipangan ing restoran kusus kang nyajekake seolleongtang. Yèn masak seolleongtang butuhake wektu kang suwé supaya éntuk gizi saka balung sapi.[1] Yèn disajekake ing restoran, masakan iki bisa digodhog kanthi wektu kang luwih suwé manèh saéngga kandhungan gizine bakaldiasilake luwih maksimal.[1]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads