Simbiosis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Simbiosis inggih punika gayutan timbal balik antawisipunkalih makluk hidup ingkang sami gesang sesarengan.[1] Tembung simbiosis asalipun saking basa Yunani, inggih punika sym ingkang tegesipun karo (basa Indonesia dengan), kaliyan biosis ingkang tegesipun panguripan.[1] Dados, simbiosis inggih punika satunggaling pola interaksi ingkang raket antawisipun kalih organisme utawi langkung ingkang jinisipun bènten lan gesang kanthi sesarengan, déné simbion inggih punika aran saking makluk ingkang nindakaké simbiosis.[1] Hubungan antawisipun organisme-organisme punika amarga salah satunggal utawi kalih-kalihipun organisme mbetahaken pambiyantu saking organisme sanèsipun kanggé saged tahan anggènipun gesang ugi supados saged tumuwuh biak.[2]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |

Remove ads
Jinis
- Simbiosis Mutualisme, inggih punika gayutan timbalbalik ingkang sami bathinipun. Tuladhanipun inggih punika:
- Simbiosis Komensalisme, inggih punika gayutan ingkang bathi namung salah satunggaling pihak, déné pihak sanèsipun boten tuna ugi boten bathi. Tuladhanipun inggih punika:
- gayutan antawisipun Anemon laut lan iwak badhut,
- gayutan antawisipun tuwuhan anggrek kaliyan wit ageng kanggé nèmplèk,
- gayutan antawisipun iwak hiu lan iwak remora.[3]
- Simbiosis Parasitisme, inggih punika gayutan ingkang pihak satunggal tuna, lan pihak sanèsipun bahti. Tuladhanipun inggih punika:
- tumo ingkang gesang ing badan kéwan,
- Kembang Raflesia ingkang gesang ing tuwuhan inangipun,
- taneman taliputri kaliyan taneman inanginpun, ugi
- cacing weteng lan cacing tambang ingkang gesang ing padharanipun manungsa.[3]
- Amensalisme, inggih punika nalika salah satunggaling pihak tuna lan pihak sanèsipun boten bathi ugi boten tuna. Tuladhanipun inggih punika:
- Kompetisi, ing pundi pihak kekalihipun sami tuna, padatan kadadosan lumantar kompetisi nalika ngrebutaken panganan.[4]
- Netralisme, inggih punika simbiosis ing pundi pihak kekalihipun boten wonteng ingkang tuna inggih boten wonten ingkang bahti. Simbiosis antawisipun spésies kalih punika boten njalari bathi utawi tuna kanggé kekalihipun.[4]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads