Sindrom Serotonin
Jinis lelara From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sindrom Sérotonin ya iku kadadeyan mawa kakèhan kadhar sérotonin ing awak. Prastawa iki dumadi manawa wong ngonsumsi obat kang ngandhut sérotonin kang bisa munggahaké kadhar sérotonin. Sérotonin ya iku sanyawa kimia sing diasilaké dening sistem syaraf. Senyawa iki dibutuhaké kanggo ngatur ili getih, panas awak, sistem pancernaan lan sistem ambegan. Serotonin uga dadi paraga ing njaga fungsi sèl syaraf lan sèl utek. Saliyané iku, sérotonin uga ngréwangi ngatur pola turu, napsu mangan, lan rasa pangrasa (mood).[4] Sèl-sèl syaraf ing utek lan sumsum balung mburi ngasilaké sérotonin kanggo ngatur kawigatèn, tindak-tanduk lan panas awak. Sèl-sèl liyané ing ing awak kaya déné usus uga mrodhuksi sérotonin.[5] Ananging manawa gunggung sérotonin kakèhan bisa micu pirang-pirang pratandha sing bisa dadi fatal menawa ora ditambani.

Remove ads
Jalaran
Sindrom Sérotonin disebabaké gunggung sérotonin sing kakèhan ing awak. Prastawa kasebut jalaran wong ngonsumsi rong obat utawa luwih kanthi cara bebarengan.

Ana manéka werna jinis obat sing bisa ngundhakaké gunggung sérotonin ing awak kaya ta:
- Obat kanggo nambani déprési tuladhané: fluoxetine, venlafaxine, lan amitriptyline.
- Obat kanggo nambani keju utawa kemeng tuladhané: codeine, fentanyl, oxycodone, lan tramadol.
- Obat kanggo lelara bipolar tuladhané: lithium.
- Obat kanggo HIV utawa AIDS tuladhané: nevirapine lan efavirenz.
- Obat kanggo nambani mukok tuladhané: granisetron, metoclopramide, lan ondansentron.
- Obat kanggo nambani watuk utamané sing ngandhut dextromethorphan.
- Obat kanggo mumet sesisih utawa migrain tuladhané: sumatriptan.
- NAPZA kaya ta amfetamin, ekstasi, kokain, lan LSD.
- Jamu herbal tuladhané ginséng.
Remove ads
Pratandha
Pratandha sing dilakoni deneng panandang kaya ta:
- Bingung tanpa panyebab
- Merinding
- Rasa sumelang
- Pupil mata gedhé
- Awak gemeter
- Mumet ing sirah
- Jantung dheg-dhegan
- Kringeten akèh
- Otot padha kaku
- Halusinasi
- Kepéngin mukok
- Mencrèt
- Refleks awak sing kakèhan
Pratanda menawa kadhar sérotonin sansaya akut yaiku awak panas dhuwur, otot kedhuten, tekanan getih dhuwur, jantung dheg-dhegan, kejang-kejang nganti semaput.[6] Menawa panandang ngrasakaké prantandha iki kudu gagé-gagé digawa menyang dhokter utawa mèdhis.
Pratandha Sindrom Sérotonin sing enthèng bisa ilang mawa sedina nganti telung dina sakwisé mandheg anggone ngonsumsi obat sing ngandhut sérotonin. Ananging pratandha ngonsumsi obat depresi mbutuhaké wektu pirang-pirang minggu supaya ilang sakabéhé saka awak.
Remove ads
Tamba
Tamba Sindrom Sérotonin gumantung ana ing undhakan parah saka panandang. Menawa panandang ngrasakake pratandha ènthèng, padhatané dhokter mudhunaké dhosis utawa mandhegaké panganggonan obat sing ngandhut sérotonin. Ananging menawa pratandha sansaya kronis, panandang diwènèhi obat.
Ana obat sing diwènèhaké marang panandang Sindrom Sérotonin iki kaya déné:
- Obat palemes otot yaiku obat sing nambani kejang-kejang. Tuladhané yaiku diazepam utawa lorazepam.
- Obat pangontrol tekanan getih. Menawa tekanan getih saka panandang iku sansaya mudhun, dhokter mènèhi epinephrine.
- Obat pepalang prodhuksi sérotonin. Obat iki tuladhané kaya ta cyproheptadine.
Sakliyané mènèhi obat, tamba panyengkuyung uga bisa dilakoni kaya ta mènèhi oksigén tambahan. oksigen iki diwènèhaké marang panandang kanthi selang utawa masker oksigén ing dalan ambegan. Ana uga infus kanggo ngganti cuwéran awak. Infus diwènèhaké marang panandang amarga kélangan cuwéran sing ilang amarga déhidrasi.
Nyegah
Kanggo nyegah Sindrom Sérotonin, bisa dirembug bebarengan karo dhokter. Aja langsung mandheg anggoné ngonsumsi obat sing ngandhut sérotonin amarga mupangat obat kuwi mau luwih gedhé tinimbang efék sampingé.[7]
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads