Sistem pulitik

From Wikipedia, the free encyclopedia

Sistem pulitik
Remove ads

Sistem pulitik iku sistem ngenani pulitik lan papréntahan. Lumrahé dibandhingaké karo sistem hukum, sistem ékonomi, sistem budaya, lan sistem sosial liyané. Sistem pulitik iku béda karo sistem-sistem mau, lan lumrahé bisa dijlèntrèhaké sajeroning spèktrum saka kiwa manengen, kaya ta kuminisme, anarkisme, sosialisme, fasisme lan konservatisme. Nanging ora ana wangun kang murni, mulané akèh-akèhé rada ana ing tengah yaiku dunungé kapitalisme. Australia iku conto sing pas minangka nagara ing "tengah-tengen".

     
Remove ads

Gambaran

Ana sawatara dhéfinisi "sistem pulitik ":

  • Sistem pulitik yaiku sèt komplit saka institusi, organisasi pulitik, kelompok kapentingan (kaya déné parté pulitik, persatuan pedhagang, kelompok lobi), gayutan institusi-institusi mau karo norma pulitik lan aturan-aturan kang ngatur fungsiné (konstitusi, pamilihan hukum).
  • Sawijining sistem pulitik dumadi saka anggota organisasi sosial (golongan) kang duwé kakuwasan.
  • Sistem Pulitik iku sistem kang kudu duwé loro kalengkapan, yaiku: saperangkat komponèn kang padha gantung-gumantung lan wates-watesé karo lingkungan alam lan interaksi kaloro komponèn mau.
  • Sistem Pulitik iku konsèp kang kanthi téyori dianggep cara pamaréntah nggawé kawicaksanan lan uga dadi luwih tumata ing bab administrasi.
  • Sistem Pulitik yaiku kang njaga kataraturan (order) lan kawarasan (pikiran) sajeroning masarakat, lan uga mènèhi dalan tumrap institusi liya medharaké keluhan bab eksistensi sosial.

Kelompok sajeroning sistem pulitik:

  • Pérangan-pérangan kang padha gantung-gumantung
    • Kawargan
    • Pamaréntah
  • Wates-wates
    • Kawargan
    • Tlatah
    • Hak Milik
Remove ads

Wangun dhasar sistem pulitik

Deleng uga

  • Wangun papréntahan
  • Pratélan wangun papréntahan

Réferènsi

  • Almond, Gabriel A., et al. Comparative Politics Today: A World View (Seventh Edition). 2000. ISBN 0316034975

Pranala njaba

Sunyata Rikat


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads