Josef Stalin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Iosif (Josef) Vissarionovich Stalin (Basa Ruslan: Иосиф Виссарионович Сталин, Iósif Vissariónovich Stálin), nama asli Ioseb Jughashvili (Basa Georgia: იოსებ ჯუღაშვილი, basa Ruslan: Иосиф Джугашвили, Iósif Dzhugashvíli;) (21 Dhésèmber 1879 (tarikh Kalèndher Grégorius) – 5 Maret 1953) punika pamimpin Uni Sovyèt lan satunggiling diktator ingkang kejem sanget, dipuntepangi ugi kanthi sebutan Manungsa Waja. Panjenenganipun dipunkinten sampun mréntahaken mejahi tiyang watara 30 yuta jiwa kang ndunungi Ruslan lan nagari-nagari sakiwatengenipun. Panjenenganipun ugi dipuntepangi minangka tiyang ingkang sengit agama. Sadèrèngipun piyambakipun mlebet seminari ing Tbilisi, nanging lajeng dados boten pitados malih dhumateng Hyang sasampunipun maos buku Asal-usul Spesies karyanipun Charles Darwin.
Panjenenganipun tampil minangka pamimpin parté kuminis ing nagari Uni Républik Sovyèt Sosialis. Saingan utami Stalin inggih punika Leon Trotsky, Leon kasil dipuntundhung medal saking Ruslan tumuli dipunpejahi. Merak taun 1929 Stalin dados kepala nagara. Panjenenganipun kejem sanget kaliyan saingan utawi sinten kémawon ingkang nglawan piyambakipun. Sedaya tiyang wau dipunukum pati minangka mengsah nagari Sovyèt utawi dipunlebetaken dhateng kamp-kamp pakunjaran. Salebeting Perang Donya II (1939-1945) Ruslan perang kaliyan Inggris sarta Amérika Sarékat nglawan Jerman. Nanging sasampunipun perang Stalin " masang Tirai Wesi" antawisipun sekuthu Kilèn lan Ruslan lan sapérangan ageng nagari ing Éropa Wétan dipundadosaken nagari Kuminis. Stalin kuwaos dumugi akir gesangipun ing yuswa 73 taun. Ing wekdal papréntahan Stalin, panjenenganipun boten namung ngawasi sadaya nagari Ruslan, nanging ugi nagari-nagari ing sanjawining Ruslan[1]
Remove ads
Aktivis Partai ingkang Radikal
Ana ing tahun 1898 Stalin gabung kaliyan Partai Demokrasi Sosial Ruslan, ya iku partai ingkang kabangun dening Lenin, guru Stalin. Ing njero Partai Demokrasi Sosial Ruslan Stalin diugemi dados pimpinan partai. Ana ing Dinten Buruh tanggal 1 Mei, Stalin dados pemimpin lan ngatur demonstrasi buruh.[2]
![]() |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Josef Stalin |
Cithakan:PamimpinRuslan
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads