Tèh oolong

From Wikipedia, the free encyclopedia

Tèh oolong
Remove ads

Tèh oolong (Hanzi tradhisional: 烏龍; Hanzi Prasaja: 乌龙; pinyin: wūlóng; uga karan 青茶 qīngchá) iku sajinis tèh Cina. Wernané kapara antawis ijo lan ireng.

Thumb
Godhong tèh oolong.

Tèh oolong duwé rasa pait, nanging ninggal rasa legi sethithik sawisé diombé. Lumrahé tèh jinis iki sing disuguhaké ing rèstoran-rèstoran Cina sing nyuguhaké panganan dim sum utawa masakan Cina liyané.

Akèh-akèhé godhong tèh oolong diasilaké ing provinsi Fujian, uga diasilaké déning perkebunan tèh ing Taiwan. Varian tèh oolong sing misuwur tuladhané tieguanyin (鐵觀音) asal saka Fujian.

Remove ads

Khasiyat

Sajroning tèh oolong, ngandhut kafein, fluoride, mangan, kalium, natrium, magnesium, lan niasin. Teh oolong uga ngandhut asam amino theanine lan antioksidan kang cukup dhuwur. Manèka khasiyat tèh iki kanggo awak manungsa kaya déné:

  1. Bisa ngréwangi mudhunaké bobot awak
  2. Mudhunaké kolèsterol
  3. Nyehataké rambut
  4. Normalaké gula getih
  5. Nyegah karusakan untu
  6. Ningkataké konsentrasi
  7. Nyegah ostèoporosis.[1]

Èfek samping

Masiya duwè akèh mupangat tumrap kasarasan awak, tèh oolong ora kena diombè luwih saka limang cangkir sedina. Ngombè tèh iki kudu diwatesi amarga menawa diombè luwih bakal ana èfèk samping. Pratandha nandhang èfèk samping ya iku:

  • Mumet
  • Jantung dheg-dhegan cepet
  • Angèl turu
  • Klisikan
  • Rasa sumelang
  • Weteng kembung
  • Mèncrèt
  • Mukok-mukok
  • Bisa nyebabaké bayi lair pèmatur ing wong meteng. [2]

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads