Tandur

arane pagawéan nandur winih pari ing sawah From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Tandur ya iku arane pagawéan nandur winih pari ing sawah. Winih pari kang sadurungé wis disebar ing pinihan sabanjuré thukul kanthi rengket. Watara umur 40 dina lan dhuwuré wis udakara sekilan, thukulan pari mau banjur didaut. Sawisé para kadang tani lanang wis rampung anggoné nggulawenthah sawang nganggo pacul, waluku utawa jaman saiki nganggo traktor, lan nyebar winih pari nganti ndaut winihe lan ditaleni (dibawangi), prakara tandur dadi bageyane para ibu. Supaya larikan pari kang ditandur bisa ajeg, winih pari ditandur selarik nurut pinggir kiwa lan tengen. Supaya lurus, dipasang kenur lan supaya jarak winihh siji lan sijiné teratur para tani uga gawé blak saka sigaran pring kang ditengeri ing panggonan ngendi winih pari bakal ditancepake. Winih pari ditandur kanthi mundur sahengga tandur disanepakake ditata sambi mundur

     

Ing jaman biyèn, wiwitane olah sawah kanggo nandur pari nalika wiwit mangsa rendheng lan pari ing tangan kang diangkat sakdhuwure lintang luku wis tumiba. Nalika tandur, para tani kudu ati-ati supaya winih pari ora kacemplung utawa dadi tumpang tindih, amarga iku bisa gawe tanduran ora apik lan panèné kurang. Sawisé nandur, sawah kerep dibasahi nganggo banyu supaya pari bisa thukul kanthi becik. Para tani uga kerep ngawasi supaya ora ana hama utawa tanduran liya sing ngganggu pari. Biasané, sawah dijaga supaya tetep teles nanging ora kebanjiran, merga banyu sing pas iku penting kanggo ngedhukung thukulé pari. Sawise luwih kurang 3 nganti 4 wulan, pari siap dipanen lan dadi pangan utama kanggo wong akeh. Tatanan tandur sing rapi lan tliti iku kunci supaya panèn dadi lancar lan hasilé maksimal.


Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads