Pring

From Wikipedia, the free encyclopedia

Pring
Remove ads

Pring iku tetuwuhan jinis suket-suketan kang watangé duwé gronggongan-gronggongan lan ros-ros. Pring akèh banget jinis lan paédahé kanggo manungsa. Jeneng liya saka pring yaiku buluh, aur, lan eru. Ing donya iki pring wujud salah siji tetuwuhan kanthi patuwuhan paling rikat. Amarga duwé sistem rhizoma-dependen unik, sajeroning sadina pring bisa tuwuh dawané 60 cm (24 inchi) malah luwih, gumantung marang kaanan lemah lan klimatologi papan pring iku ditandur.[1]

     
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Subtribe ...

Ing Indonésia, pring asring digunanakaké minangka piranti musik tradhisional kang dadi ciri khas saben laladan Indonésia. Salah siji contoné yaiku angklung lan suling kang asalé saka Sunda. Paédahé pring uga akèh, kaya ta kanggo yasa omah, pratandha bates désa, kanggo wadhah banyu, gawé tarub, lan isih akèh pédah liyané.

Remove ads

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads