Teheran

Kutha krajané Iran From Wikipedia, the free encyclopedia

Teheranmap
Remove ads

Teheran utawa Tehran (/t[unsupported input]æn, -ˈrɑːn, ˌtə-/; Pèrsi: تهران Tehrân [tʰehˈɾɒːn]), yaiku kutha krajané Iran lan Provinsi Teheran. Kanthi cacah wong 8.400.000 lan cacah 15 yuta ing wewengkon métropolitan kang luwih gedhé ing Teheran Magung. Teheran kuwi kutha kang paling padhet ing Iran lan Asiah pérangan Kulon[4]. Luwih saka setengah indhustri Iran manggon ing kéné. Indhustri mau yaiku prodhuksi mobil, elektronik lan piranti elektrik, gegaman, tekstil, gula, semen lan prodhuk kimia. Teheran uga pusat pangadolan karpet lan mebel misuwur. Sawijining kilang lenga ana cerak Teheran.

Sunyata Rikat Tehran تهران, Nagara ...

Teheran iku kutha kang sarat karo kauripan kang ana ing sikil pagunungan Alborz kanthi jaringan dalan tol kang ora ana tandhingané ing Asia Kulon. Teheran uga wujud hub jaringan sepur Iran. Akèh musiyum gedhé, pusat seni, komplèks pura kang ana ing Teheran. Komunitas masarakat wujud kaum Pèrsi, Azeris, Armenia, Yahudi lan Afghan. Papan ngibadah wujud masjid, gréja lan sinagoga.

Remove ads

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads