Theo Walcott

From Wikipedia, the free encyclopedia

Theo Walcott
Remove ads

Theo James Walcott (lair ing Stanmore, London, Karajan Manunggal, 16 Maret 1989; umur 36 taun) ya iku juru main bal-balan profésional kang asalé Inggris kang main kanggo Everton F.C.. Panjenengané bisa main minangka penyerang utawa glandhang sayap.

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...

Jenengé narik wigatiné médhia internasional sawisé lumebu ing skuat Inggris ing ubengan final Piala Donya FIFA 2006.[3]

Remove ads

Karir

Southampton

Ing mangsa 2004-2005 panjenengané main kanggo skuat Southampton Youth lan ngeteraké Southampton ing Final FA Youth ngadepi Ipswich Town F.C.. Panjenengané dadi juru main paling enom kang main kanggo tim cadangan Southampton nalika umuré 15 taun 175 dina. Panjenengané banjur uga dadi juru main paling enom ing tim utama Southampton nalik umuré 16 taun 143 dina. Panjenengané dadi juru main cadangan nalika Southampton main imbang 0-0 ngadepi Wolverhampton Wanders ing pertandihngan Football League Championship. Iki dadi debut kang kapisan kanggo panjenengané.

Arsenal

Penampilané kang apik nggawé para tim gedhé padha minat karo panjenengané kaya ta Arsenal F.C., Chelsea F.C., Liverpool F.C., Manchester United F.C., Tottenham Hotspur F.C., Real Madrid, Juventus F.C., Milan lan FC Barcelona.

Tanggal 20 Januari 2006 Walcott gabung karo Arsenal F.C. kanthi rega 5 yuta pounds lan bisa tekan 12 yuta pounds, kagantung mainé bareng klub lan tim nasional. Sing nggawé panjenengané dadi juru main 16 taun paling larang ing sajarah Inggris.

7 Fèbruari 2006, Walcott nggawe debut bareng tim cadangan Arsenal F.C. ngadepi Portsmouth ing Havant, panjenengané nyetak gol nanging Arsenal F.C. tetep kalah 3-2. Walcott uga dadi cadangan nalika Arsenal F.C. ngadepi Real Madrid ing babak angka 2 leg kapisan Liga Champions.

Nalika tanggal 16 Maret 2007 utawa pas ulang tauné angka 18 panjenengané nandatangani kontrak profésional kang kapisan. Tanggal 19 Agustus 2006 panjenengané nglakokaké debut ing Liga Premier Inggris.

Timnas Inggris

Walcott nglakokakĥ debut kanggo timnas Inggris nalika lumebu ing babak kaloro Inggris ngadepi Belarusia. Tanggal 30 Mèi 2006, panjenengané mainaké tetandhingan timnas Inggris kanthi full 90 menit nalika ngadepi Hungaria ing Old Trafford, nalika umuré 17 taun 75 dina. Inggris, menang 3-1. Walcott kanthi ngangetaké dijeluk pelatih timnas Inggris Senior, Sven-Göran Eriksson. Nanging akhiré panjenengané ora main ing Piala Donya FIFA 2006.

Ing tanggal 15 Agustus 2006 Walcott dadi juru main paling enom kang nyetak gol kanggo Inggris U-21 nalika ngadepi Moldova kanthi kasil pungkasan 2-2. Sing uga main kang kapisan kanggo timnas U-21 Inggris.

Remove ads

Prestasi

Klub

Southampton

Runner-up:

  • FA Youth Cup: 2005
Arsenal

Runner-up:

Internasional

England U-21

Runner-up:

  • UEFA U-21 Championship 2009

Individu

  • BBC Young Sports Personality of the Year Award: 2006

Kauripan pribadi

Walcott mapan bareng karo wong tuwané, Don lan Lynn, lan sadulur lanange Ashley ing salah sawijining vila cedhak papan gladhèn Arsenal F.C. ing Hertfordshire. Walcott lan bapaké minangka fans Liverpool F.C..

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads