Umar bin Abdul Aziz
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Umar bin Abdul-Aziz (Arab: عمر بن عبد العزيز, kanthi gelar Umar II, lair ing taun 63 H / 682 – Fèbruari 720; umur 37–38 taun)ya iku Khalifah ka 6 Bani Umayyah. Impene Umar bin Khattab dadi kasunyatan, Islam ing pucuk keemasan ing jamane kepemimpinan Umar bin Abdul Aziz.[2]
Remove ads
Nasab
Dhèwèké duwé jeneng dawa Umar bin Abdul Aziz bin Marwan bin Hakam bin Abu al-'Ash bin Umayah bin Abdu Syam bin Abdu Manaf bin Qushay bin Kilab sawijining keturunan Bani Umayah, trah Kurès. Dhèwèké biyasa diundang Abu Hafs, ing kalangan Bani Umayyah dhèwèké luwih kaloka al-Asyaj (kang duwé luka ing rai). Bapaké ya iku Abdul Aziz-sawijining gubernur mesir ing papréntahan khalifah Abdul Malik bin Marwan-sawijining kandidiat kang dicalonke kanggo ngganteni kekhalifahan sawisé bapaké; Marwan bin Hakam, nanging ajal kesusu methuk. Ibuke ya iku; Laila bintu Ashim bin Umar bin Khattab, biyasa diundang Ummu Ashim. Saka garis keturunan pihak ibu, dhèwèké ya iku canggah saka Umar bin Khattab.[3]
Dicritakaké nalika Abdul Aziz arep nglamar Laila, dhèwèké ngomong marang atasané, "Kumpulaké kanggoku patangatus dinar saka bandhaku kang paling apik, amarga aku arep nglamar wong wadon saka kulawarga kang apik." Akhire Abdul Aziz punikahi Laila.[4]
Remove ads
Lair
Umar bin Abdul Aziz lair ing Halawan, kampung ing Mesir, taun 61 Ijrah. Umar cilik urip ing sajeroning lingkungan pura lan mewah. Nalika isih cilik, dhèwèké naté nandangi kacilkan, tanpa sengaja jaran lanang nendang dhèwèké nganti bathuke suwek tekan balunge ketok. Kabèh panik lan nangis, kajaba Abdul Aziz kang kaget lan mesem. Sinambi nambani Umar cilik, dhèwèké ngendika, “Senenga Ummi Ashim. Impene Umar bin Khattab insyaallah kadadéan, dhèwèké anak saka trah Umayyah kang bakal ndadèkaké apik bangsa iki.“[5]
Dhèwèké lair ing jamane papréntahan khalifah Yazid bin Mu'awiyah, bareng karo sedone Maemunah garwa Muhammad. Dhèwèké wektu cilike ing Madinah Munawwarah karo golèk ngèlmu para ulama. Saéngga dhèwèké duwé kautaman ngèlmu lan agama, saliyané trah 'darah biru' lan kakehan bandha.
Remove ads
Nikah
Sawisé bapaké sedo, dhèwèké urip ing Damaskus karo khalifah Abdul Malik, pamane, banjur dinikahke karo salah sawijining anaké, ya iku Fatimah.
Khalifah
Umar bin Abdul Aziz dibaiat dadi khalifah kurang luwih 2,5 taun, saka taun 99 H tekan taun 101 H, kalebu singkat kanggo kalungguhan khalifah kang abot banget lan dituntut kanggo bisa mbenakke babagan ketatanagaraan, nanging wektu kang singkat mau digunakaké Umar bin Abdul Aziz kanthi maksimal kanggo nglakoni amanah, saéngga akhire dhèwèké éntuk prèstasi kang nyenengake. Umar bin Abdul Aziz ya iku keturunan bangsawan kang kajèn, dadi wis biyasa manawa urip serba cukup sadurungé dadi khalifah. Nanging sakawit dadi menjadi khalifah kahanane dadi kuwalik, dhèwèké dadi luwih prasaja,ya iku sakawit mèlu pemakamane Sulaiman bin Abdul Malik.[6]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads