WOSM
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
WOSM singkatan saka World Organization of the Scout Movement ya iku organisasi internasional non-pamaréntahan kang ngayomi obahan kepandhuan sadonya.[1][2] WOSM ngadheg ing taun 1920, lan duwé kantor pusat ing Jenewa, Switserlan.[1] Anane WOSM uga ora bisa dipisahake saka kancane Asosiasi Kepandhuan Putri Sadonya utawa World Association of Girl Guides and Girl Scouts kang disingkat WAGGGS.[2] Tujuane WOSM ya iku ngewenehi pendhidhikan kanggo nom-noman mawa sistim aji dhedhasar Satya Pramuka lan Dharma Pramuka, supaya saben wong duwé peran kontstruktif ing masarakat saéngga bisa mbyantu yasa donya kang luwih apik.[3] Mawa organisasi internasional, WOSM diatur dhedhasar region, konferènsi, komite lan biro.[3]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |

Remove ads
Tegesé Lambang WOSM

- Kompas: mralambangi salah sawijining peringatan kanggo Pandhu utawa Pramuka supaya tansah nglakoni kabecikan lan bisa diprecaya kaya déné fungsine kompas, sarta ajeg njaga pangareb-arebe lan tugase mawa panunjuk dhalan.[4]
- Treefoil/kembang kan pucuke telu: mralambangi telung janji pandu/Scout promise.[4]
- Bintang Loro: mralambangi anggota Pandhu/Pramuka tansah usaha supaya bisa madhangi lan ngewenehi pitulungan ing babagan kabecikan lan ngèlmu kawruh.[4]
- Tali kang mubeng lan pucukke mbentuk simpul mati: mralambangi manawa sapadha Pandhu/Pramuka nganakake gayutan kekancan raket lan sedhuluran antawise Pramuka ing donya.[4]
- Werna: Putih mralambangi jiwa kang suci, déné warna dhasar ungu mralambangi manawa Pandhu/Pramuka duwé katrampilan mimpin lan seneng ngewenehi pitulungan marang wong liya.[4]
Konferensi Kepandhuan Sadonya
Konferensi Kepandhuan Sadonya utawa luwih misuwur diarani The World Scout Conference (WSC) ya iku pepanggihan kang ajeg dianakake saben telung taun pisan lan ditekani déning kabèh organisasi lan asosiasi kepandhuan sadonya.[5] Pepanggihan iki duwé ancas kanggo ngorodinasi kabèh sesuluh kepandhuan saka saben nagara kelebu mbasa tujuan lan prinsip-prinsip Organisasi Kepandhuan Dunia lan kamardikan saka pulitik saben organisasi utawa Asosiasi anggotane.[5]
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads